Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 8:44 - Kitab Sutji

44 Iku banjur maju nyedhaki Gusti Yesus saka ing wingking lan ndemek gombyoking jubahe. Padha sanalika pampet anggone nggrajag getih.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 8:44
15 Iomraidhean Croise  

pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”


Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.


Gusti Yesus trenyuh panggalihe marga saka welas, banjur ndumuki mripate wong-wong mau. Padha sanalika padha bisa ndeleng, tumuli padha ndherekake Gusti Yesus.


Gusti Yesus nuli mulung astane, ndemek wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu.” Padha sanalika kabirat budhuge temahan dadi resik.


Nalika iku ana wong wadon kang lara nggrajag getih wus rolas tahun lawase, kang nyedhaki Gusti Yesus saka ing buri lan demek gombyoking jubahe.


Menyanga ngendi bae tindake, menyang ing desa-desa, menyang ing kutha-kutha apa menyang ing kampung-kampung, wong-wong padha nyelehake wong lara ana ing pasar lan nyuwun marang Panjenengane, supaya dililani ndemek gombyoking jubahe bae. Dene kabeh kang ndemek jubahe padha dadi waras.


Tumuli ditumpangi asta, lan sanalika iku uga wong wadon mau bisa ngadeg jejeg maneh lan banjur ngluhurake asmaning Allah.


nuli ngadeg karo nangis ana ing sawingkinge sampeyane Gusti Yesus, nganti luhe crocosan nibani sampeyane, banjur diusapi kalawan rambute, diujungi sarta dijebadi kalawan lengane wangi mau.


Nalika samana ana wong wadon kang lara nggrajag getih wis rolas taun lawase, ora waras-waras, sanadyan wis ditambani sapa bae.


Gusti Yesus banjur ngandika: “Sapa kang ndemek Aku?” Sarehne ora ana sing ngaku, Petrus nuli matur: “Guru tiyang kathah sami ngrubung lan sami ndhesek Paduka makaten.”


Nanging wong kang lagi bae waras ora weruh, iku sapa, amarga Gusti Yesus wus nylimpet ana ing tengahe wong akeh kang ana ing kono.


malah nganti kacu utawa lawon kang tau diagem dening Rasul Paulus ditumpangake ing wong lara, temahan mari larane sarta dhemite padha metu.


malah padha nggawa wong-wong kang lara menyang ing dalan gedhe, kaselehake ing amben utawa kasur, supaya manawa Rasul Petrus langkung, saora-orane katiban wayangane.


Jarit kang nutupi awakmu iku pasangana tali plintiran ing pojoke papat pisan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan