Ing taun kang kaping telung puluh sangane paprentahane, Sang Prabu Asa nandhang gerah sampeyan kang banjur saya banget. Nanging sajroning gerah iku ora ngupaya pitulunganing Yehuwah, nanging pitulungane para dhukun.
amarga kabeh padha misungsung saka ing kaluwihane, dene randha iki nyaosake saka ing kakurangane, malah kabeh kang dadi duweke, yaiku kabeh kang minangka panguripane.”
Saben-saben dhemit punika nyandhak anak kula, lajeng dipun banting ing siti, cangkemipun lajeng muruh, untunipun kerot-kerot, badanipun dados kaken. Kula sampun nedha tulung dhateng para sakabat Panjenengan, supados nundhung dhemitipun, nanging sami boten saged.”
Apamaneh wong wadon iki, kang wis wolulas taun lawase kabanda dening Iblis, apa ora prelu diuculi bebandane ing dina Sabat, amarga iki tedhak turune Rama Abraham?”
Bareng Gusti Yesus wis minggah ing dharatan, tumuli ana wong lanang saka ing kutha kono kang sowan ing ngarsane, wong iku kepanjingan dhemit akeh, sarta wis suwe anggone ora nganggo sandhangan lan ora saba ing omah, nanging mung ana ing pakuburan bae.
nanging kadospundi dene sapunika saged ningali, kula sami boten sumerep. Utawi sinten ingkang ngelekaken mripatipun, kula inggih sami boten sumerep. Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak, piyambakipun saged ngaturaken prakawis badanipun piyambak.”
Ing kono ana wong lumpuh lair mula, mulane saben dina digendhong lan diselehake ing sacedhake gapuraning Padaleman Suci kang aran Gapura Endah, supaya ngemis marang wong kang padha lumebu menyang ing Padaleman Suci.