Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 8:42 - Kitab Sutji

42 amarga anake wadon ontang-anting, kang kira-kira umur rolas taun meh mati. Gusti Yesus nalika tindak mrana, sarirane kadhesek-dhesek ing wong akeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 8:42
15 Iomraidhean Croise  

Ing antarane esuk lan sore padha diidek-idek, lan tanpa rinasa padha sirna salawase.


Amarga sapa kang nyumurupi apa kang prayoga kanggo manungsa ing salawase uripe kang ora suwe, kang tanpa guna, kang dilakoni kayadene ayang-ayangan? Sapa kang bisa mratelakake marang manungsa, apa kang bakal kelakon ing sapungkure ana ing sangisoring langit?


“He, anaking manungsa, lah Ingsun bakal mundhut saka ing sira kang banget sira tresnani kalawan lara dadakan, nanging sira aja ngadhuh-adhuh utawa nangis sarta aja ngruntuhake eluh.


Anadene sira, he, anaking manungsa, apa ora mangkene kang bakal kelakon iku? Ing dina anggoningSun mundhut betenge, pepasrene, kang nyenengake atine, kasenenganing mripate lan kang kaangen-angen dening nyawane, anak-anake lanang lan wadon,


“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.


Gusti Yesus banjur tindak bareng karo lurah mau. Wong akeh padha ndherekake, padha suk-sukan ing sacedhake Panjenengane.


Bareng tindake wis cedhak karo sakethenging kutha, ana layon kapikul metu, iku anak ontang-anting, embokne wis randha. Akeh wong saka ing kutha kang padha ngiringake.


Banjur ana wong kang sowan, jenenge Yairus, lurah papan pangibadah, nuli tumungkul sujud ana ing ngarsane Gusti Yesus, nyuwun supaya Gusti Yesus karsaa rawuh ing omahe,


Nalika samana ana wong wadon kang lara nggrajag getih wis rolas taun lawase, ora waras-waras, sanadyan wis ditambani sapa bae.


Gusti Yesus banjur ngandika: “Sapa kang ndemek Aku?” Sarehne ora ana sing ngaku, Petrus nuli matur: “Guru tiyang kathah sami ngrubung lan sami ndhesek Paduka makaten.”


Mulane padha kaya tekane dosa ing jagad jalaran saka wong siji, sarta tekane pati marga saka dosa mau, mangkono si pati iya wus nyrambahi marang wong kabeh, jalaran wong kabeh mau wus padha gawe dosa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan