41 Banjur ana wong kang sowan, jenenge Yairus, lurah papan pangibadah, nuli tumungkul sujud ana ing ngarsane Gusti Yesus, nyuwun supaya Gusti Yesus karsaa rawuh ing omahe,
Nanging kepalane papan pangibadah iku nepsu, jalaran Gusti Yesus nyarasake wong ing dina Sabat, banjur calathu marang wong akeh: “Dina iku ana enem sing kanggo nyambut-gawe. Mulane tekaa ing salah sijine dina iku supaya diwarasake, nanging aja ing dina Sabat.”
Nalika Simon nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi jengkune Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, Paduka mugi karsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.”
Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana krabate kepala papan pangibadah iku kang teka lan matur: “Ingkang putra sampun tilar donya. Sampun ngribedi Sang Guru.”
Sawise angger-anggering Toret lan kitabe para nabi kawaca, para punggawaning papan pangibadah padha kongkonan matur marang sakarone: “Para sadherek, bokbilih panjenengan sami kagungan pangandika minangka pambangun saha panglipur tumrap umat punika, sumangga kula aturi nglairaken.”
Wong iku kabeh banjur nyekel Sostenes, lelurahe papan pangibadah, lan digebugi ana ing ngarsane pangadilan, nanging Sang Galio babar pisan ora mreduli bab iku.
Nanging Krispus, lelurahe papan pangibadah, manjing pracaya marang Gusti dalah sabrayate sarta akeh wong Korinta, kang padha ngrungokake pangandikane Rasul Paulus, banjur manjing pracaya, nuli padha kabaptis.
Lida iku cedhak karo Yope. Bareng para siswa padha krungu, yen Rasul Petrus ana ing Lida, banjur kongkonan wong loro sowan marang ing ngarsane, ngaturake panyuwun mangkene: “Kula aturi enggal rawuh ing panggenan kula!”
Nalika Panjenengane mundhut gulungan kitab mau, makluk papat lan pinituwa patlikur iku tumuli sumungkem ana ing ngarsane Sang Cempe, siji-sijine nyekel clempung lan bokor mas, kebak isi menyan; yaiku pandongane para Suci.