LUKAS 8:35 - Kitab Sutji35 Wong-wong nuli padha metu arep nyumurupi apa kang mentas kalakon. Banjur padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus sarta padha nyumurupi wong kang wis ditinggal dening setan-setane mau linggih cedhak ing sampeyane Gusti Yesus, wis manganggo lan wis waras. Wasana padha wedi. Faic an caibideil |
Awit saka iku bakal Sunparingi panduman wong-wong kang luhur minangka bandhangan, tuwin bakal tampa wong-wong kang santosa minangka jarahan, yaiku pikolehe anggone wus masrahake nyawane marang pati lan marga saka anggone kagolongake wong mbalela, sanadyan Panjenengane nanggel dosane wong akeh lan ndongakake para wong kang mbalela.
“Kula punika tiyang Yahudi, kalairan ing Tarsus ing tanah Kilikia, nanging kagulawenthah wonten ing kitha ngriki, kawulang kalayan taliti ing bab netepi angger-anggeripun para leluhur kita wonten ing ngarsaning sampeyanipun Sang Gamaliel, matemah kula lajeng dados tiyang ingkang meleng ing pangabekti dhumateng Gusti Allah, kados panjenengan sadaya punika.