Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 8:34 - Kitab Sutji

34 Bareng para pangon babi padha nyumurupi lelakon mangkono iku, banjur padha mlayu lan nyritakake bab iku ana ing kutha lan ing kampung-kampung ing sakiwa tengene.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 8:34
6 Iomraidhean Croise  

Nalika wong-wong mau lagi padha ana ing dalan, ana wong sawatara kang mentas jaga kang padha menyang ing kutha, ngaturi uninga marang para pangareping imam, bab apa kang mentas kalakon mau kabeh.


Kang padha ngengon babi mau padha mlayu sarta bareng wus tekan ing kutha, padha nyritakake lelakon iku mau kabeh, uga bab wong-wong kang kapanjingan dhemit mau.


Pangon-pangone babi-babi mau banjur padha mlayu lan nyritakake lelakon iku ana ing kutha lan ing kampung-kampung ing sakiwa tengene. Wong-wong nuli padha metu arep nyumurupi apa kang mentas kalakon iku.


Dhemit-dhemit mau banjur padha metu lan manjing ing babi. Pepanthan babi iku tumuli gumrudug mlayu ing tepining jurang lan ambyur ing sagara dadi lan patine.


Wong-wong nuli padha metu arep nyumurupi apa kang mentas kalakon. Banjur padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus sarta padha nyumurupi wong kang wis ditinggal dening setan-setane mau linggih cedhak ing sampeyane Gusti Yesus, wis manganggo lan wis waras. Wasana padha wedi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan