Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 8:33 - Kitab Sutji

33 Dhemit-dhemit mau banjur padha metu lan manjing ing babi. Pepanthan babi iku tumuli gumrudug mlayu ing tepining jurang lan ambyur ing sagara dadi lan patine.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 8:33
8 Iomraidhean Croise  

Dhawuhe Gusti Yesus: “Padha lungaa.” Banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Babi sapantha iku kabeh nuli padha mlayu gumrudug medhun saka ing ereng-ereng jurang, ambyur ing sagara temahan padha mati klelep ana ing banyu.


Ing sawijining dina Gusti Yesus pinuju jumeneng ana ing pinggiring sagara Genesaret, wong akeh padha ngangseg arep ngrungokake pangandikane Gusti Allah.


Kacarita ing kono ana babi kang akeh banget cacahe kang lagi padha mangan ana ing ereng-erenging gunung. Dhemit-dhemit mau banjur nyuwun, supaya diparengake lumebu ing babi-babi iku. Iku diparengake.


Bareng para pangon babi padha nyumurupi lelakon mangkono iku, banjur padha mlayu lan nyritakake bab iku ana ing kutha lan ing kampung-kampung ing sakiwa tengene.


Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.


Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa.


Anadene kang dadi ratune iya iku malaekat panggedhening teleng palimenganing pati, jenenge ing basa Ibrani Abadon, lan ing basa Yunani Apolion.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan