Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 8:3 - Kitab Sutji

3 Yohana, somahe Khuza, juru-gedhonge Sang Prabu Herodhes, Susana lan liyane maneh isih akeh. Wong-wong wadon iki padha ngladeni Gusti sapandhereke kalawan barang darbeke.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 8:3
19 Iomraidhean Croise  

Amargi sinten ta kawula punika saha punapa ta bangsa kawula punika, dene kawula sami saged ngunjukaken pisungsung manasuka kadosdene sapunika punika? Awit saking Paduka pinangkanipun samukawis sadaya saha inggih saking asta Paduka piyambak pinangkanipun pisungsung ingkang sami kawula unjukaken dhumateng Paduka punika.


Babathene lan opahing kanisthane bakal suci kagem Sang Yehuwah, ora bakal diendheg utawa disimpen, nanging bebathene iku bakal kanggo nganakake pangan kang cukup lan sandhangan kang endah kanggo para wong kang padha manggon ing ngarsaning Yehuwah.


Nalika samana Sang Prabu Herodhes, raja-wilayah, mireng pawarta bab Gusti Yesus,


Amarga Sang Prabu Herodhes pancen biyen wis dhawuh nyepeng Nabi Yokanan, banjur dibesta lan dilebokake ing pakunjaran, gegayutan karo lelakone Sang Putri Herodhias, garwane Sang Pangeran Filipus, sadhereke.


Ewadene bareng pinuju tingalan wiyosane Sang Nata Herodhes, putri putrane Sang Putri Herodhias, beksa ana ing satengahing pahargyan, nengsemake panggalihe Sang Nata Herodhes,


Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maryam kang ibu, nuli padha sumungkem sujud marang Panjenengane. Banjur padha mbukaki pethine raja-brana, Panjenengane disaosi pisungsung arupa mas, menyan lan blendok mur.


Bareng wis surup sing duwe pakebonan kandha karo mandhore: Buruh-buruh mau padha undangen, padha wenehana buruhane, wiwit sing mlebu keri dhewe nganti tekan sing mlebu dhisik dhewe.


Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.


Wong-wong miskin iku salawase ana ing kowe, nanging Aku bakal ora salawase woworan karo kowe.


Ing kono ana wong wadon akeh kang padha nyawang saka ing kadohan, yaiku wong-wong wadon kang padha ndherekake Gusti Yesus saka ing Galilea prelu ngladosi Panjenengane,


Dene wong-wong wadon mau yaiku Maryam saka Magdala, lan Yohana sarta Maryam ibune Yakobus, tuwin wong-wong wadon liyane kang padha bebarengan uga nyritani marang para rasul.


Ujare kang mangkono iku ora marga dheweke iku mikirake wong miskin, nanging awit ambeke culika, dheweke kerep nylingkuhake dhuwit kang dicekel.


Ing nalika iku pasamuwan ing Antiokhia ana nabi lan guru sawatara, yaiku: Barnabas lan Simeon kang karan Niger, lan Lukius wong Kirene, sarta Menahen, palihane Sang Nata-wilayah Herodhes lan Saulus.


Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.


Salam marang kowe saka sakehing para suci, luwih maneh saka kang klebu para abdine Sang Prabu.


lan kang wus kaseksenan panggawene becik, kayata: nggulawenthah anak, dhemen aweh pamondhokan, ngwisuhi sikile para sadulur kang tunggal pracaya, nulungi wong kang uripe kesrakat, cekake kang mrelokake sadhengah panggawe becik.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan