LUKAS 8:28 - Kitab Sutji28 Nalika ndeleng Gusti Yesus banjur mbengok lan sumungkem ing bumi ana ing ngarsane sarta banjur matur kalawan swara sora: “Punapa urusan Paduka kaliyan kawula, dhuh Sang Yesus, Putraning Allah ingkang Mahaluhur? Kawula nyuwun, mugi Paduka sampun ngantos misakit kawula.” Faic an caibideil |
Anggone matur mangkono iku amarga Gusti Yesus wis dhawuh supaya dhemite padha metu saka wong mau. Awit wong iku wis kerep dilarak-larak ing dhemit mau, mulane minangka panjagane banjur dirante lan diblenggu, nanging tumuli dibedhat, wonge nuli digiring dening dhemite menyang ing papan-papan kang sepi.