Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 8:27 - Kitab Sutji

27 Bareng Gusti Yesus wis minggah ing dharatan, tumuli ana wong lanang saka ing kutha kono kang sowan ing ngarsane, wong iku kepanjingan dhemit akeh, sarta wis suwe anggone ora nganggo sandhangan lan ora saba ing omah, nanging mung ana ing pakuburan bae.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 8:27
8 Iomraidhean Croise  

kang lungguh ing kuburan-kuburan lan nginep ana ing guwa-guwa; kang mangan daging babi sarta kwaline isi duduh daging najis;


Mangkono maneh saben wong kang ana ing ara-ara kang nggepok badane wong kang dipateni sarana pedhang, utawa nggepok jisim apa balunging manungsa apa kuburan, iku iya dadi najis lawase pitung dina.


Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar ing tanah Siria kabeh; sakehe wong, kang nandhang lelara banjur padha disowanake menyang ing ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lan sangsarane, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake.


Wong-wong mau padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan ndeleng wong kang maune kapanjingan dhemit legion linggih ing kono, wis manganggo ganep lan wis waras, satemah padha wedi.


Kacarita lakune wis tekan ing tanahe wong Gerasa, ing sabrange tanah Galilea.


Nalika ndeleng Gusti Yesus banjur mbengok lan sumungkem ing bumi ana ing ngarsane sarta banjur matur kalawan swara sora: “Punapa urusan Paduka kaliyan kawula, dhuh Sang Yesus, Putraning Allah ingkang Mahaluhur? Kawula nyuwun, mugi Paduka sampun ngantos misakit kawula.”


Sang Prabu uga lukar pangagemane lan uga medhar wangsit ana ing ngarsane Nabi Samuel. Sang Prabu dhawah gumluntung kalawan lukar pangageman sadina sawengi muput. Iki jalarane wong banjur ngucap: “Apa Sang Prabu Saul uga kagolong para nabi?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan