LUKAS 8:24 - Kitab Sutji24 Para sakabat banjur sowan, ngwungu Gusti Yesus, unjuke: “Guru, Guru, kawula sami katiwasan!” Panjenengane iya tumuli wungu, angin lan banyu kang ngamuk iku padha didukani, temah lerem, kaananing sagara dadi anteng. Faic an caibideil |
Yagene nalika Ingsun rawuh kok ora ana wong, lan nalika Ingsun nimbali kok ora ana kang sumaur? Apa bokmanawa astaningSun cupet dene ora bisa ngluwari, utawa apa Ingsun ora kagungan kakuwatan kanggo ngluwari? Lah marga Ingsun duka, Ingsun ngesatake sagara, kali-kali Sundadekke ara-ara samun; iwake padha mambu bacin marga ora ana banyu lan banjur padha mati kasatan.
Sira kok dadi ora wedi marang Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – lan ora gumeter ana ing ngarsaningSun? Rak Ingsun kang ndadekake pasisir wedhi minangka watesing sagara, kang dadi wewates tetep, kang ora kena dilangkahi? Nadyan sagarane molak-malika iya ora keconggah, sanadyan alun-alune gumulung-gulung, iya ora bakal ngliwati watese.