He wong kang katindhes, kang katempuh ing prahara, kang ora oleh panglipur! Lah Ingsun bakal masang tetalesira kalawan watu item tuwin dhasar-dhasarira kalawan sesotya manila.
Ing sawijining dina Gusti Yesus pinuju jumeneng ana ing pinggiring sagara Genesaret, wong akeh padha ngangseg arep ngrungokake pangandikane Gusti Allah.
Ing sawijining dina Gusti Yesus nitih prau kadherekake para sakabate, tumuli padha dipangandikani mangkene: “Ayo padha menyang ing sabranging sagara.” Banjur padha mangkat.
Aku padha nunggang kapal saka ing palabuhan Adramitium kang bakal layar menyang ing palabuhan-palabuhan ing sauruting pesisire tanah Asia, tumuli padha mangkat. Aristarkhus, wong Makedhonia saka ing kutha Tesalonika, mbarengi lakuku.
Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakake sakehing kaapesan kita nanging malah kang padha karo kita; Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.