21 Nanging Panjenengane mangsuli, pangandikane: “IbuKu lan sadulur-sadulurKu iku wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan banjur dilakoni.”
Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”
Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.
Sang Nata banjur bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira, samubarang kabeh kang ora sira tindakake kanggo salah sawijining wong kang asor dhewe iki, iku iya ora sira tindakake kagem Ingsun.
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Aja padha wedi. Padha balia, sadulur-sadulurKu padha kandhanana, supaya padha menyanga ing Galilea, ana ing kana bakal padha ndeleng Aku.”
Anadene kang tumiba ing lemah becik iku wong kang sawise padha ngrungokake pangandika, tumuli disimpen ing sajroning ati kang becik, sarta mantep lan metokake woh.”
Pangandikane Gusti Yesus: “Aja nggepok marang Aku, awit Aku durung sowan ing ngarsane RamaKu, nanging lungaa nemonana para sadulurKu, lan padha kandhanana, manawa Aku arep sowan menyang ing ngarsane RamaKu lan Ramamu ing ngarsane AllahKu lan Allahmu.”
Mulane wiwit saiki aku ora padha mbobot sawiji-wijia wong maneh manut ukuraning manungsa. Lan manawa aku wus padha tau mbobot Sang Kristus cara kadagingan, saiki aku ora padha mbobot Panjenengane kanthi patrap mangkono maneh.
He, sadulurku kang kekasih, aja nulad marang kang ala, nanging nulada kang becik. Sapa kang gawe becik, iku asale saka Allah, nanging sapa kang gawe ala, iku ora tau weruh marang Allah.