15 Anadene kang tumiba ing lemah becik iku wong kang sawise padha ngrungokake pangandika, tumuli disimpen ing sajroning ati kang becik, sarta mantep lan metokake woh.”
Samangsa kawula pinanggih kaliyan sabda pangandika Paduka, lajeng kawula raosaken nikmatipun; pangandika Paduka punika dados kabingahan kawula saha nyenengaken manah kawula, amargi asma Paduka sinebut tumrap kawula, dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.
Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.
Kutha iki bakal kaobong lan kadadekake areng dening wong Kasdim kang merangi, dalah omah-omah kang payone kanggo papan kekutug nyembah marang brahala Baal lan kanggo gawe sesajen omben-omben marang allah liyane, kanggo nukulake gerahing galihingSun.
Wong kang becik iku metokake barang kang becik saka ing simpenaning atine kang becik, dene wong kang ala iku metokake barang kang ala saka ing simpenaning atine kang ala. Sabab kang diucapake dening cangkem, iku mbludag saka ing sajroning ati.”
Kang tumiba ing thethukulan eri iku wong kang padha ngrungokake pangandika, nanging sajrone thukul iku tumuli kelindhih ing rasa sumelang, kasugihan lan kanikmataning ngaurip satemah ora bisa metokake woh kang mateng.
“Ora ana wong nyumed diyan, kok banjur ditutupi ing wewadhah utawa didekek ing longan, nanging mesthi tumuli ditumpangake ing jodhog, supaya kabeh wong kang lumebu ing omah padha bisa ndeleng padhange.
Nanging saiki bareng kowe wus padha kauwalake saka ing dosa lan bareng kowe wus padha dadi abdining Allah, kowe padha ngundhuh woh kang nuntun kowe marang kasucen sarta wekasane iku urip kang langgeng.
Sabab aku sumurup, yen aku iki, yaiku dagingku, ora kadunungan bab kang becik. Sabab karep iku pancen ana ing aku, nanging dudu bab nglakoni apa kang becik.
Yen mangkono, para sadulurku, kowe iya wis padha mati tumrap ing angger-anggering Toret, jalaran saka sarirane Sang Kristus, supaya kowe dadia kagunganing liyan, yaiku kagungane Panjenengane, kang wus kawungokake saka ing antarane wong mati, amrih kita padha metokna woh, sumaos kagem Gusti Allah.
Karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal netaki atimu lan atine turunmu, temah ndadekake kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, njalari kowe lestari urip.
temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sapatute lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara, lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah,
kang wus padha koktampani. Injil mau metokake woh lan mekar nyrambahi ing sajagad, malah iya tekan ing antaramu wiwit ing dina anggonmu krungu lan mangreti temenan marang sih-rahmate Gusti Allah.