LUKAS 8:13 - Kitab Sutji13 Kang tumiba ing padhasan iku wong kang bareng krungu pangandika mau banjur ditampani kalawan bungah, nanging iku ora ana oyode, anggone pracaya mung sadhela lan bareng kena cobaning ngaurip banjur padha murtad. Faic an caibideil |
Pancen saben dina padha ngupaya Ingsun lan seneng sumurup sakehing marginingSun. Kayadene bangsa kang nglakoni kang bener tuwin kang ora ninggal angger-anggering Allahe padha munjuk pitakon marang Ingsun bab angger-angger kang bener, padha seneng nyedhak sowan ing ngarsaning Allah, sarta munjuk pitakon:
Wong iku padha dadi blentong ana ing bujananing katresnanmu, samangsa melu kepungan, ora duwe isin, melu mbruwah mburu enake dhewe. Wong iku padha kaya mega kang tanpa banyu kang kabur katut ing angin; prasasat wit-witan kang ora metokake woh ing mangsa gogrog godhonge, kaya wit-witan kang sol saoyod-oyode sarta kang mati kaping pindho.