12 Kang tumiba ing pinggir dalan iku wong kang wis padha krungu, banjur diparani Iblis, pangandika mau tumuli diilangi saka ing sajroning atine, supaya aja padha pracaya lan kapitulungan rahayu.
Nanging sira kang wus padha ninggal Pangeran Yehuwah, kang wus padha lali marang gunungingSun kang suci, kang padha nata sesajen kanggo Dewa Gad, tuwin kang padha nyuguhake anggur kang dicampuri bumbu marang Dewa Meni:
Manawa ana wong kang krungu pangandika bab Kratoning Swarga, mangka ora mangreti, banjur si pangawak dursila teka ngrebut apa kang kasebar ing atine; yaiku wiji kang kasebar ing pinggir dalan.
Wong-wong ing pinggir dalan, kang disebari pangandika, yaiku wong-wong kang ngrungokake pangandika, nanging Iblis banjur teka ngilangi pangandika kang disebar ing sajroning atine.
Kang tumiba ing padhasan iku wong kang bareng krungu pangandika mau banjur ditampani kalawan bungah, nanging iku ora ana oyode, anggone pracaya mung sadhela lan bareng kena cobaning ngaurip banjur padha murtad.
“Ana juru nyebar metu nyebar wijine, saperangan tumiba ing pinggir dalan, banjur kapidak-pidak ing wong lan manuk-manuk ing awang-awang padha nucuki nganti entek.
Si naga gedhe banjur diuncalake mangisor, si ula kuna, kang kaaranan Iblis lan Setan, kang nasarake saisining jagad, iku kauncalake menyang ing bumi, dalah para malaekate.