Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 8:10 - Kitab Sutji

10 Gusti Yesus tumuli mangsuli, pangandikane: “Kowe kang padha diparengake nyumurupi kekerane Kratoning Allah, nanging wong liyane padha kaparingan kang adhapur pasemon, supaya sanadyan padha ndeleng, ora weruh, lan sanadyan padha krungu, ora ngreti.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 8:10
24 Iomraidhean Croise  

Pasrawungane Sang Yehuwah kang celak iku karo wong kang padha wedi marang Panjenengane, sarta iku padha diparingi sumurup bab prajanjiane.


mulane lah Ingsun bakal nandukake bab-bab kang elok marang bangsa iki, kaelokan kang ngedab-edabi; kawicaksanane para wonge kang wicaksana bakal ilang, tuwin kapinterane para wonge kang pinter bakal ndhelik.”


Wong kang kaya mangkono iku ora sumurup apa-apa lan ora ngreti apa-apa, sabab mripate kraket merem, satemah ora bisa ndeleng; tuwin atine uga buntet, mulane ora bisa mangreti.


Sawuse mangkono Panjenengane ngandika: “Sira mangkata lan bangsa iki warahana mangkene: Rungokna kang temenan, nanging aja mangreti! Delengen kang temenan, nanging aja nyumurupi!


“Iki rungokna, he bangsa kang goblog lan kang tanpa budi, kang duwe mripat nanging ora ndeleng, lan duwe kuping, nanging ora krungu!


“He, anaking manungsa, sira iku manggon ana ing satengahing golongan kang mbalela kang ana mripate kanggo ndeleng, nanging ora ndeleng lan ana kupinge kanggo ngrungokake, nanging ora krungu, amarga iku golongan kang mbalela.


Ing wektu iku Gusti Yesus munjuk: “Dhuh, Rama, Pangeraning swarga lan bumi, kawula ngaturaken genging panuwun, dene bab punika sadaya Paduka damel wados tumrap tiyang wicaksana saha tiyang wasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare-lare.


Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Rahayu kowe! Simon bin Yunus, amarga kang nglairake iku marang kowe dudu daging lan getih, nanging RamaKu kang ana ing swarga.


Paring wangsulane: “Kowe kabeh wis padha kaparingan kekerane Kratoning Allah, nanging marang wong-wong jaba samubarang kabeh kaparingake kanthi pasemon,


supaya: Sanadyan ndeleng, ora weruh, sanadyan krungu, ora ngreti, supaya aja padha mratobat lan oleh pangapura.”


“Panjenengane wus padha micakake mripate lan mangkalake atine, supaya aja padha nganti ndeleng sarana mripate lan mangreti sarana atine, temah padha mratobat sarta Sunwarasake.”


Kagem Panjenengane, kang nyantosakake kowe kabeh, – manut Injil kang dakkabarake, sarta pawarta bab Gusti Yesus Kristus, laras karo kabare wewadi kang kasidhem pirang-pirang abad lawase,


Nanging iki mau kabeh katindakake dening Sang Roh siji iku uga, kang paring ganjaran marang sawiji-wijining wong dhewe-dhewe ing sakarsane.


nanging tekan ing dina iki kowe padha ora diparingi akal-budi kang kanggo mangreti utawa mripat kanggo ndeleng, apadene kuping kanggo ngrungkokake dening Sang Yehuwah.


supaya padha lipura atine, lan padha manunggal sajroning katresnan, satemah bisa nyandhak kasugihaning kawruh kanthi yakin lan nyumurupi kekerane Gusti Allah yaiku Gusti Kristus,


Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan