Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 8:1 - Kitab Sutji

1 Sawise iku ora let suwe Gusti Yesus banjur tindak njajah kutha-kutha lan desa-desa martakake Injil Kratoning Allah, kadherekake dening sakabate rolas,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 8:1
18 Iomraidhean Croise  

Sawise Gusti Yesus mungkasi piwelinge marang sakabat-sakabate rolas, banjur tedhak saka ing kono, bakal memulang lan nggelarake Injil ana ing kutha-kuthane.


Manawa ana wong kang krungu pangandika bab Kratoning Swarga, mangka ora mangreti, banjur si pangawak dursila teka ngrebut apa kang kasebar ing atine; yaiku wiji kang kasebar ing pinggir dalan.


Gusti Yesus tumuli ndlajahi satlatahe tanah Galilea kabeh, memulang ana ing papan-papan pangibadahe wong kono, sarta nggelarake Injiling Kraton, apadene nyarasake sarupane lelara lan sarupane memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono.


Gusti Yesus tumuli tindak njajah kutha lan desa, paring piwulang ana ing papan-papan pangibadah sarta nggelarake Injil Kratoning Allah, apadene nyarasake sakabehing lelara lan memala.


Panjenengane banjur ndlajahi tanah Galilea kabeh lan nggelarake Injil ana ing papan-papan pangibadah ing kono sarta nundhungi dhemit.


Kacarita bocah mau mundhak-mundhak gedhene lan saya kasantosakake rohe sarta banjur manggon ing pasamunan nganti tumeka ing dina anggone bakal ngaton marang Banisrael.


Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang marang wong akeh ana ing Padaleman Suci sarta martakake Injil, para pangareping imam, para ahli Toret lan para pinituwa padha sowan ing ngarsane


“Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawuhan martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun


Para sakabat banjur padha mangkat njajah sakehing padesan, ngabarake Injil sarta marasake wong lara saenggon-enggon.


inggih punika bab Gusti Yesus saking Nasaret: anggenipun jinebadan dening Gusti Allah kalawan Roh Suci saha kasekten, Panjenenganipun ingkang tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaenan sarta nyarasaken sadaya tiyang ingkang kawasesa dening Iblis, amargi Gusti Allah nunggil kalayan Panjenenganipun.


Dene kula sadaya sapunika sami martosaken kabar-kabingahan dhateng panjenengan sadaya, inggih punika, bilih prajanjian ingkang kaparingaken dhateng para leluhur kita punika,


Lan kapriye anggone padha bisa aweh pawarta bab Panjenengane, manawa padha ora kautus? Kaya kang katulisan, wiraose: “Iba anggone nyenengake tekane wong kang padha nggawa pawarta becik.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan