Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 7:8 - Kitab Sutji

8 Amargi kawula piyambak inggih tiyang ingkang kaprentah, sarta inggih mbawahaken prajurit. Manawi kawula aken dhateng salah satunggaling prajurit punika: Lungaa, piyambakipun inggih lajeng kesah. Punapa dene manawi kawula aken dhateng satunggalipun: Mrenea, inggih lajeng dhateng; utawi dhateng rencang kawula: Iki tindakna, inggih lajeng dipun tindakaken.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 7:8
12 Iomraidhean Croise  

awit saking punika kawula inggih sampun rumaos boten pantes sowan ing ngarsa Paduka. Nanging Paduka mugi karsaa ngandika satembung kemawon, rencang kawula tamtu badhe saras.


Bareng Gusti Yesus midhanget atur mangkono iku, Panjenengane eram, nuli minger mirsani wong akeh kang padha ndherek lan ngandika: “Aku pitutur marang kowe, pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon, sanadyan ing antarane wong Israel!”


Rasul Paulus tumuli ngaturi sawijining opsir lan matur: “Lare punika kula aturi nyowanaken dhateng ing ngarsaning pangagengipun prajurit, jalaran wonten prakawis ingkang prelu dipun uningakaken ing panjenenganipun.”


Sawuse mangkono panggedhe prajurit mau banjur nimbali opsir loro sarta didhawuhi mangkene: “Cawisna prajurit rong atus kang bakal menyang ing Kaisarea karo prajurit jaranan pitung puluh sarta prajurit kang asikep gegaman tumbak rong atus, kira-kira jam sanga bengi iki.


“Sembah kula, Klaudius Lisias, katur ing ngarsanipun Ingkang Minulya Sang Walinagara Feliks.


Para prajurit banjur padha nindakake kaya kang kadhawuhake. Rasul Paulus ing wektu bengi digawa menyang ing kutha Antipatris.


Banjur dhawuh marang opsir, supaya Rasul Paulus tetep ditahan, nanging kalawan tahanan kang entheng, sarta para mitrane kang padha ngladeni, aja dipenggak.


Namung kemawon boten wonten punapa-punapa ingkang gumathok, ingkang kedah kula aturaken ing serat ing ngarsanipun Sang Nata Agung bab tiyang punika. Inggih punika sababipun mila lajeng kula ladosaken wonten ing ngarsa panjenengan, Sang Prabu Agripa, supados sasampunipun kapriksa lajeng wontena punapa-punapa ingkang saged kula serat.


He, para batur, mituhua marang bandaramu kadonyan ing sadhengah prakara, aja mung ana ing sapangarepan anggonmu gawe senenge, nanging diklawan tulusing ati kang marga saka wedi marang Gusti,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan