Mara, panganen rotimu kalawan bungah, lan ombenen anggurmu kalawan senenging ati, amarga panggawemu wus lawas ndadekake keparenging panggalihe Gusti Allah.
Nanging Gusti Yesus banjur minger, mirsani wong wadon iku mau sarta ngandika: “Dienak atimu, ngger, pangandelmu kang marasake kowe.” Wiwit ing nalika iku wong wadon mau dadi waras.
Gusti Yesus banjur ngandika: “Wis, mundura, pangandelmu kang mitulungi kowe!” Padha sanalika wong picak mau bisa ndeleng, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus.
Bareng Gusti Yesus midhanget atur mangkono iku, Panjenengane eram, nuli minger mirsani wong akeh kang padha ndherek lan ngandika: “Aku pitutur marang kowe, pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon, sanadyan ing antarane wong Israel!”
Awit saka iku, patrapmu ngrungokake iku gatekna. Amarga sapa kang duwe iku bakal kaparingan, nanging sing sapa ora duwe, iku bakal kapundhutan dalah apa kang kanyana duweke.”