Kacarita Sang Prabu Hiram, ratu ing nagara Tirus, utusan para punggawane sowan menyang ing ngarsane Sang Prabu Suleman, amarga midhanget, manawa Sang Prabu Suleman wus jinebadan dadi ratu nggentosi kang rama, sabab Sang Prabu Hiram iku tansah memitran kalawan Sang Prabu Dawud.
Gusti Yesus banjur tindak bebarengan karo wong-wong mau. Bareng wis cedhak karo omahe opsir iku, opsir iku kongkonan mitrane matur marang Panjenengane: “Dhuh, Gusti, mugi sampun dados damel Paduka, amargi kawula boten pantes Paduka rawuhi;
Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan.
Kita padha sumurup, yen kita wus padha ngalih saka ing pati marang urip, iya iku marga kita padha tresna marang para sadulur kita. Sapa kang ora nresnani sadulure, iku tetep dumunung ana ing pati.