Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 7:48 - Kitab Sutji

48 Banjur ngandika marang wong wadon mau: “Dosamu wis kaapura.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 7:48
7 Iomraidhean Croise  

Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung disowanake menyang ing ngarsane. Bareng Gusti Yesus mirsa pangandele wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.”


Gampang endi kandha: Dosamu wus diapura, karo kandha: Ngadega lan lumakua?


Bareng Gusti Yesus nguningani pangandele wong-wong mau, banjur ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, dosamu wis kaapura!”


Endi kang luwih gampang, kandha karo wong lumpuh iku: Dosamu wis diapura, apa kandha: Tangia, paturonmu angkaten lan lumakua.


Gusti Yesus bareng mirsa pangandele wong-wong mau, tumuli ngandika: “He, sadulur, dosamu wis kaapura.”


Gampang endi dhawuh: dosamu wis kaapura, karo dhawuh: Ngadega, lumakua?


Mulane Aku pitutur marang kowe: Dosane kang akeh iku wis kaapura, amarga wis nindakake katresnan akeh. Nanging kang kaapura sathithik, iya nindakake katresnan sathithik.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan