Sang Prabu banjur jumeneng saka ing jogan, siram lan ngagem lenga jebad sarta santun pangageman; panjenengane lumebet ing padalemane Sang Yehuwah lan sujud manembah. Sawuse iku banjur kondur menyang kraton lan mundhut roti nuli iya disaosi sarta banjur dhahar.
banjur utusan abdi menyang Tekoa marani wong wadon kang limpad ing budi, nuli ngandika marang wong wadon iku: “Bok kowe api-api kaya wong nandhang prihatin lan manganggoa sandhangan wong kepaten, aja jebadan lan polatanmu membaa wong wadon kang wis pirang-pirang dina nangisi wong mati.
punapadene anggur ingkang mbingahaken manahing manungsa, ingkang damel rainipun manungsa sumringah margi saking lisah, saha tetedhan ingkang ngiyataken manahipun tiyang.
Sira bakal nyebar wiji, nanging ora ngundhuh, bakal meres woh jaitun, nanging ora bisa nganggo lengane; lan iya mipit woh anggur, nanging ora ngombe anggure.
Mulane Aku pitutur marang kowe: Dosane kang akeh iku wis kaapura, amarga wis nindakake katresnan akeh. Nanging kang kaapura sathithik, iya nindakake katresnan sathithik.”
mulane kowe adusa lan nganggoa lenga jebad sarta nganggoa sandhanganmu kang apik, banjur menyanga ing panuton kono. Mung bae aja nganti konangan wonge, sadurunge dheweke bakda mangan lan ngombe.