45 Kowe ora ngambung Aku, nanging wiwit nalika Aku lumebu, wong wadon iki tansah ngambungi sikilKu.
Sawuse mangkono Yakub tumuli ngambung Rakhel lan nangis seru.
Esap tumuli mlayoni sarta Yakub dikekep, dirangkul gulune sarta diarasi, sakarone padha nangis.
Yen ana wong seba sujud nyembah marang Pangeran Absalom, banjur mulung astane, wonge dicandhak lan diaras.
Sawuse mangkono wong akeh padha nyabrang ing bengawan Yarden; Sang Prabu nuli pamitan marang Barzilai kanthi diaras lan uga banjur nyabrang. Wong iku banjur mulih menyang ing papan padunungane.
Wong kang ngulungake Panjenengane wis aweh tandha marang wong-wong mau: “Wong sing dakcucup, yaiku wonge, cekelen!”
Padha sesalamana kalawan pangaras suci. Salam marang kowe kabeh saka sakehing pasamuwane Sang Kristus.
Sadulur kabeh padha kirim salam marang kowe. Padha salam-salamana kalawan pangambung suci.
Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.
Salamku kabeh marang para sadulur kalawan pangambung kang suci.