Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 7:44 - Kitab Sutji

44 Banjur ngandika marang Simon maneh kalawan mirsani wong wadon mau: “Kowe weruh wong wadon iki? Aku mau mlebu ing omahmu, kowe ora menehi banyu kanggo wisuh sikil, nanging wong iki nelesi sikilKu nganggo luh, banjur diusapi kalawan rambute.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 7:44
11 Iomraidhean Croise  

manawi kepareng wontena ingkang mendhetaken toya sakedhik, kagem wijik sampeyan, lajeng sami karsaa lenggah wonten ing sangandhaping wit-witan punika;


ature: “Dhuh bendara, panjenengan kula aturi rawuh ing griyanipun ingkang abdi, sami karsaa nyare saha wijik sampeyan, benjing-enjing kula aturi nglajengaken tindak.” Pangandikane malaekat: “Ora, aku arep padha nginep ana ing alun-alun bae.”


Bareng wus diirid mlebu menyang ing daleme Sang Yusuf, tumuli diwenehi banyu, supaya padha wisuh sikil; karodene kuldine iya padha dipakani.


Sang Prabu Dawud tumuli dhawuh marang Uria: “Wis mundura, muliha lan wisuha sikil!” Nalika Uria mundur saka kraton, ana wong kang nututi nggawa peparinge Sang Prabu.


nuli ngadeg karo nangis ana ing sawingkinge sampeyane Gusti Yesus, nganti luhe crocosan nibani sampeyane, banjur diusapi kalawan rambute, diujungi sarta dijebadi kalawan lengane wangi mau.


Atur wangsulane Simon: “Kula kinten inggih ingkang sambutanipun kathah, lajeng dipun lilakaken punika.” Pangandikane Gusti Yesus: “Bener penemumu iku.”


tumuli ngesok banyu ing pawisuhan, sarta wiwit ngwijiki sikile para sakabate lan kausapan kalawan lawon kang kaubetake ing sarirane mau.


lan kang wus kaseksenan panggawene becik, kayata: nggulawenthah anak, dhemen aweh pamondhokan, ngwisuhi sikile para sadulur kang tunggal pracaya, nulungi wong kang uripe kesrakat, cekake kang mrelokake sadhengah panggawe becik.


Nanging kowe iku padha ngremehake marang wong miskin. Malah apa ora wong sugih kang padha nganiaya kowe sarta nyered kowe marang ngarsane pangadilan?


Wonge tumuli diater lumebu ing omahe sarta kuldine padha dipakani; dene sawuse wisuh sikil, banjur padha mangan lan ngombe.


Wong wadon iku tumuli gumregah ngadeg, sujud nyembah sumungkem raine konjem ing bumi sarta matur: “Abdi paduka punika saestu kepengin dados parekan ingkang ngwisuhi sukunipun para abdi paduka punika.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan