43 Atur wangsulane Simon: “Kula kinten inggih ingkang sambutanipun kathah, lajeng dipun lilakaken punika.” Pangandikane Gusti Yesus: “Bener penemumu iku.”
Gusti Yesus mirsa, yen wangsulane wong mau kanthi pambudi, mulane banjur ngandika: “Kowe iku ora adoh karo Kratoning Allah!” Sabanjure ora ana wong kang wani matur apa-apa maneh marang Gusti Yesus.
Kacarita anggone padha lumaku ndherekake Gusti Yesus tekan ing sawijining desa. Ana ing kono Panjenengane ditampani dening wong wadon kang aran Marta ana ing omahe.
Banjur ngandika marang Simon maneh kalawan mirsani wong wadon mau: “Kowe weruh wong wadon iki? Aku mau mlebu ing omahmu, kowe ora menehi banyu kanggo wisuh sikil, nanging wong iki nelesi sikilKu nganggo luh, banjur diusapi kalawan rambute.
Mulane Aku pitutur marang kowe: Dosane kang akeh iku wis kaapura, amarga wis nindakake katresnan akeh. Nanging kang kaapura sathithik, iya nindakake katresnan sathithik.”