Unjuke wong wadon iku: “Kenging punapa Sang Prabu kagungan panggalih ingkang kados makaten tumrap umatipun Gusti Allah. Sarehne panjenengan dalem nglairaken pangandika punika, panjenengan dalem piyambak ingkang lepat, dene boten nglilani mantukipun tiyang ingkang sampun kabucal.
Ingsun wus ngicali sakehe dosaning pambalelanira kayadene pedhut kang kabur ing angin, lan sakehe dosanira kaya mendhung kang kanginan. Sira balia marang Ingsun, amarga sira wus Suntebus!
Atur wangsulane Simon: “Kula kinten inggih ingkang sambutanipun kathah, lajeng dipun lilakaken punika.” Pangandikane Gusti Yesus: “Bener penemumu iku.”
Awitdene ing nalika kita isih padha apes, ana ing wektu kang pinesthi dening Gusti Allah, Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita para wong duraka.
Awit kabeh wong, kang uripe saka ayahane angger-anggering Toret iku kabawah ing laknat, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat wong kang ora setya anggone nglakoni samubarang kang katulis ana ing kitab angger-anggering Toret.”
Nanging kowe dipadha sumanak mungguh ing siji lan sijine, kebak ing sih katresnan lan apura-ingapuraa kayadene Gusti Allah ana ing Sang Kristus iya wus ngapura marang kowe kabeh.