Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Endi ta layange pegat ibunira tandhane manawa wus Suntundhung? Utawa panunggalane kang padha ngutangi Ingsun sapa kang wus tau Sunedoli sira? Lah marga saka kasalahanira dhewe sira wus padha kaedol lan marga saka panerakira dhewe ibunira kausir.
“Bapak kula sampun sami pejah wonten ing pasamunan, sanadyan boten tumut grombolanipun tiyang ingkang sami nglawan dhateng Pangeran Yehuwah; inggih boten tumut grombolanipun Korakh; nanging anggenipun pejah margi saking dosanipun piyambak, mangka boten nilar anak jaler.
Nanging saundure abdi mau banjur kapethuk karo abdi liyane kang utang marang dheweke satus dinar, tumuli dicekel lan ditekak gulune, calathune: Sauren utangmu!
Nanging paring wangsulane: “Kowe bae padha menehana mangan!” Unjuke para sakabat: “Dados kawula sami kadhawuhan kesah tumbas roti namung kalih atus dinar, lajeng kadhawuhan nyukani tedha dhateng tiyang-tiyang punika?”
Saha mugi karsaa ngapunten dosa kawula, awitdene kawula inggih sami ngapunten dhateng saben tiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih mugi kawula sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha.”
Nanging sing ora ngreti marang karsane bendarane, mangka banjur nindakake apa kang kagolong kena ing ukuman gebug, iku bakal tampa paukuman gebug, sawatara. Saben wong kang kaparingan akeh, iku bakal kapundhutan akeh, sarta kang dipracaya akeh, bakal kapundhutan luwih dening akeh.”
Gusti Yesus banjur ngandika marang dheweke: “Simon, ana prakara kang arep Dakkandhakake marang kowe.” Simon mangsuli, ature: “Sumangga, kapangandikakna, Guru.”
Mulane Aku pitutur marang kowe: Dosane kang akeh iku wis kaapura, amarga wis nindakake katresnan akeh. Nanging kang kaapura sathithik, iya nindakake katresnan sathithik.”
Nanging angger-anggering Toret tumuli kawuwuhake, supaya panerak dadi saya akeh, dene ing ngendi kang dosane wuwuh akeh, ing kono sih-rahmat dadi saya luber,