Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 7:40 - Kitab Sutji

40 Gusti Yesus banjur ngandika marang dheweke: “Simon, ana prakara kang arep Dakkandhakake marang kowe.” Simon mangsuli, ature: “Sumangga, kapangandikakna, Guru.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 7:40
16 Iomraidhean Croise  

Sabanjure ature mangkene: “Wonten bab ingkang badhe kawula aturaken ing panjenengan dalem.” Pangandikane Sang Putri: “Matura!”


Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha.


Anak iku ngajeni bapakne, lan abdi iku ngajeni bendarane. Manawa Ingsun iku jumeneng Rama, endi pakurmatan kang marang Ingsun iku? Sarta manawa Ingsun iki dadi bendara, endi rasa wedi kang marang Ingsun iku? – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang kowe kabeh, – he, para imam kang ngremehake asmaningSun? Nanging sira padha munjuk pitakon: “Kanthi patrap kadospundi anggen kawula ngremehaken asma Paduka?”


Satekane banjur enggal-enggal, marepeki Gusti Yesus sarta matur: “Ngaturaken salam, Guru,” nuli nucup.


Ing dina wekasan bakal akeh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula boten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka?


Kacarita ana sawijining panggedhe matur pitakon marang Gusti Yesus mangkene: “Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih angsal gesang langgeng?”


Nanging Gusti Yesus nguningani pikirane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Apa sing padha kokpikir ing sajroning atimu?


Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Wong waras iku ora butuh dhokter, mung sing lara.


Nanging Panjenengane ora kekilapan marang kang dadi osiking atine wong-wong mau, tumuli ngandika marang kang ceko: “Ngadega, mapana ing tengah kene!” Wonge banjur ngadeg mapan.


Bareng wong Farisi kang ngaturi rawuh Gusti Yesus weruh kang kaya mangkono iku, dheweke banjur duwe osik mangkene: “Manawa Dheweke iku Nabi, mesthine ngreti, sapa lan wong apa sing nggepok awake iku; mesthi ngreti, yen iku wong dosa.”


“Ana wong loro kang padha duwe utang marang wong potang, kang siji limang atus dinar, sijine seket dinar.


Kowe padha nyebut Aku Guru lan Gusti, lan panyebutmu iku wus bener, awit Aku iki pancen Guru lan Gusti.


Gusti Yesus mirsa, yen para sakabate padha sumedya munjuk miterang marang Panjenengane, banjur ngandika: “Kowe apa padha rasanan bab pituturKu mau: Mung kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng Aku lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh?


Sapunika kawula sami sumerep, bilih Paduka mirsa samukawis lan boten susah tiyang munjuk pitaken dhateng Paduka. Pramila kawula sami pitados, bilih pinangka Paduka punika saking Gusti Allah.”


seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “Rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika manawi boten tinunggil dening Allah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan