Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 7:39 - Kitab Sutji

39 Bareng wong Farisi kang ngaturi rawuh Gusti Yesus weruh kang kaya mangkono iku, dheweke banjur duwe osik mangkene: “Manawa Dheweke iku Nabi, mesthine ngreti, sapa lan wong apa sing nggepok awake iku; mesthi ngreti, yen iku wong dosa.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 7:39
25 Iomraidhean Croise  

Bareng tindake Sang Naaman wus sawetara dohe, Gehazi, rencange Nabi Elisa, abdining Allah, mikir-mikir mangkene: “Bendaraku iku kebangeten anggone ering marang Sang Naaman, priyagung ing Aram iki, nganti ora karsa nampeni atur-atur kang diasta. Dhemi Pangeran Yehuwah kang gesang, lah aku arep mlayu nututi panjenengane lan bakal nyuwun apa-apa.”


awit kaya wong kang ngetung-etung ing sajroning atine, iya kaya mangkono iku wong mau. Pangucape marang kowe: “Mangana lan ngombea!” Nanging atine ora seneng marang kowe.


kang celathu: “Ngedoha kana, aja ndemok aku, mundhak dadi suci marga saka aku!” Kabeh iki kaya pega kang lumebu ing grananingSun, kaya geni kang murub sadina muput.


Iya kaya mangkono iku, kang dadi pamburi bakal dadi pangarep lan kang dadi pangarep bakal dadi pamburi.”


Wong akeh padha mangsuli: “Iku Nabi Yesus saka Nasaret ing tanah Galilea.”


sabab saka ing jero, saka ing sajroning atine manungsa, thukul sakabehing pikiran sing ala, kang lekoh, kadurjanan, gawe pati,


Banjur mikir: Kapriye ya, rekane, aku ora duwe enggon kanggo nyimpen pametu samono akehe iku.


Wong Farisi lan para ahli Toret satemah padha kedumelan, pangucape: “Wong iku kok nampani wong dosa lan mangan bebarengan.”


Juru-gedhong mau nuli mikir: Gek aku arep nyambut-gawe apa? Aku dipocot anggonku dadi juru-gedhong. Macul aku ora bisa, ngemis aku isin.


Hakim mau sawatara lawase ora gelem, nanging wasana banjur nggagas mangkene: Sanadyan aku ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong siji-sijia,


Mulane padha metokna woh kang sembada tumrap pamratobat. Lan aja padha nduweni pangrasa: Rama Abraham iku rama kita! Awit aku pitutur marang kowe: Gusti Allah kuwaos karya trahing Rama Abraham saka watu-watu iki!


Kabeh wong padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Ana nabi agung kang jumeneng ing tengah-tengah kita, sarta Gusti Allah wis nuweni umate.”


Ing kutha kono ana wong wadon kang wis kondhang anggone dadi wong dosa. Nalika krungu, yen Gusti Yesus lagi dhahar ana ing omahe wong Farisi mau, dheweke banjur mrono karo nggawa gendul marmer isi lenga wangi,


nuli ngadeg karo nangis ana ing sawingkinge sampeyane Gusti Yesus, nganti luhe crocosan nibani sampeyane, banjur diusapi kalawan rambute, diujungi sarta dijebadi kalawan lengane wangi mau.


Gusti Yesus banjur ngandika marang dheweke: “Simon, ana prakara kang arep Dakkandhakake marang kowe.” Simon mangsuli, ature: “Sumangga, kapangandikakna, Guru.”


Unjuke wong wadon: “Gusti, sapunika tumrap kawula sampun cetha, bilih Paduka punika nabi.


Sarta ing antarane wong akeh mau keprungu rerasanan bab Panjenengane; ana kang ngucap mangkene: “Iku wong becik.” Liyane maneh: “Ora, iku nasarake wong akeh.”


Wong kang maune wuta iku banjur diundang kang kaping pindhone, sarta diaturi: “Kowe ngurmatana Allah; aku padha sumurup manawa kae wong dosa.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan