Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 7:38 - Kitab Sutji

38 nuli ngadeg karo nangis ana ing sawingkinge sampeyane Gusti Yesus, nganti luhe crocosan nibani sampeyane, banjur diusapi kalawan rambute, diujungi sarta dijebadi kalawan lengane wangi mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 7:38
25 Iomraidhean Croise  

manawi kepareng wontena ingkang mendhetaken toya sakedhik, kagem wijik sampeyan, lajeng sami karsaa lenggah wonten ing sangandhaping wit-witan punika;


Nalika Imam Ezra ndedonga lan ngakoni lepat klawan muwun lan nggloso ana ing ngarepane padalemaning Allah, ana golongane wong Israel kang luwih dening akeh cacahe kang padha nglumpuk ana ing ngarsane, wong lanang lan wong wadon, dalah bocah-bocah sarta padha nangis kalawan sora.


Awit kawula badhe dhawah jalaran kasandhung, saha kawula tansah karidhu ing sakit.


Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa mbikak lambe kawula, supados cangkem kawula martosaken kidung pamuji konjuk dhumateng Paduka!


Sandhanganmu dimen lestari putih lan sirahmu aja nganti ora koklengani.


lisah Paduka wangi gandanipun, asma Paduka kadya lisah ingesok, milanipun para kenya sami tresna dhumateng Paduka.


Sira marani Molokh kalawan nggawa lenga tuwin wewangen akeh; para kongkonanira padha sira lakokake nganti adoh, nganti tekan ing ngisoring jagading wong mati.


ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu, lenga-pesta minangka liruning bagor, kidung pangalembana minangka gegentining jiwa kang nglentrih, supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”, “tanemaning Pangeran Yehuwah” kanggo ngatonake kaluhurane.


Tekane wong-wong iku kambi nangis, Ingsun bakal nganthi wong-wong iku klawan paring panglipur; Ingsun bakal ngirid lakune menyang ing kali-kali, liwat ing dalan kang rata, ana ing kono ora bakal padha kesandhung; amarga Ingsun wus dadi ramane Israel, dene Efraim iku putraningSun pembayun.


Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Nanging saiki uga, padha mratobata marang Ingsun kalawan gumolonging atinira, kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”


“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.


Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.


Petrus nuli metu lan nangis kelara-lara.


Rahayu kowe kang saiki padha kaluwen, amarga kowe bakal padha kawaregan. Rahayu kowe kang saiki nangis, awit kowe bakal gumuyu.


Ing kutha kono ana wong wadon kang wis kondhang anggone dadi wong dosa. Nalika krungu, yen Gusti Yesus lagi dhahar ana ing omahe wong Farisi mau, dheweke banjur mrono karo nggawa gendul marmer isi lenga wangi,


Bareng wong Farisi kang ngaturi rawuh Gusti Yesus weruh kang kaya mangkono iku, dheweke banjur duwe osik mangkene: “Manawa Dheweke iku Nabi, mesthine ngreti, sapa lan wong apa sing nggepok awake iku; mesthi ngreti, yen iku wong dosa.”


Dene Maryam iya iku wong wadon kang wus tau njebadi sampeyane Gusti kalawan lenga wangi, sarta banjur diusapi nganggo rambute.


Padha rumangsaa kesrakat, padha prihatina sarta nangisa; guyumu salinana tangis, sarta kabungahanmu salinana prihatin.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan