Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 7:34 - Kitab Sutji

34 Sawise iku Putraning Manungsa rawuh, Panjenengane dhahar lan ngunjuk. Kowe banjur calathu: Delengen, Iku rak wong grangsangan lan karem anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 7:34
13 Iomraidhean Croise  

Tekane Putraning Manungsa nganggo mangan lan ngombe, kok unine wong: Delengen kuwi, wong grangsangan lan seneng ngombe anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa. Nanging kawicaksananing Pangeran iku anggone kabenerake marga saka pandamele.”


Dene manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku kowe oleh pituwas apa? Para juru-mupu-beya rak ya tumindak mangkono, ta?


Bareng para wong Farisi weruh kang mangkono iku, banjur kandha marang para sakabate: “Yagene gurumu kok mangan bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”


Bareng Gusti Yesus wis rampung anggone memulang, ana sawijining wong Farisi ngaturi dhahar ana ing omahe. Panjenengane iya banjur lumebet sarta lenggah dhahar.


Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus rawuh ing omahe sawijining panggedhene wong Farisi, arep dhahar roti ana ing kono. Kabeh wong kang ana ing kono padha ngulatake Panjenengane kanthi temenan.


Wong Farisi lan para ahli Toret satemah padha kedumelan, pangucape: “Wong iku kok nampani wong dosa lan mangan bebarengan.”


Nanging kabeh wong kang weruh padha pating kadumel, pangucape: “Kok karsa lereb ana ing omahe wong dosa.”


Lewi tumuli nganakake bujana gedhe kagem Panjenengane ana ing omahe lan akeh juru-mupu-beya lan wong-wong liyane kang padha melu ngepung.


Marga saka tekane Nabi Yokanan Pambaptis iku ora mangan roti sarta ngombe anggur, kowe banjur calathu: Iku wong kepanjingan dhemit.


Nanging kawicaksananing Allah iku kabenerake dening sakehing wong kang padha nampani.”


Tumuli ana salah sawijining wong Farisi kang ngaturi dhahar Gusti Yesus ana ing omahe. Gusti Yesus iya banjur rawuh, nuli lenggah dhahar.


Ana ing kono Panjenengane kasugata dhahar lan Marta ngladeni, dene Lazarus iku panunggalane kang ndherek kembulan karo Gusti Yesus.


Gusti Yesus dalah para sakabte, uga diulemi mrono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan