Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 7:33 - Kitab Sutji

33 Marga saka tekane Nabi Yokanan Pambaptis iku ora mangan roti sarta ngombe anggur, kowe banjur calathu: Iku wong kepanjingan dhemit.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 7:33
12 Iomraidhean Croise  

Tumraping sakabat wus cukup, yen nganti nemu lelakon padha kaya gurune, lan tumrap abdi, yen nemu lelakon padha kaya bandarane. Manawa kang duwe omah disebut Beelzebul, apamaneh brayate saomah.


Ing nalika samana Nabi Yokanan Pambaptis rawuh ing ara-ara samun ing tanah Yudea, nggelarake piwulang, pangandikane:


Nabi Yokanan iku pangagemane kang kagawe wulu unta, sarta apaningset walulang; kang kadhahar walang lan madu alas.


Nabi Yokanan ngagem jubah wulu unta lan paningset walulang, dene kang kadhahar walang karo madu alas.


Mulane mangkono awit iku bakal pinunjul ana ing ngarsaning Pangeran, lan bakal ora ngombe anggur utawa liya-liyane kang mendemi, sarta bakal kapenuhan ing Roh Suci wiwit saka ing guwagarbane ibune.


Wong-wong iku upamane kaya bocah-bocah kang linggih ana ing pasar lan kang padha ngucap saur-sauran: Kowe wis padha daksulingi, kok ora njoged. Aku wis padha ngidungake kidung pangadhuh, kowe kok ora nangis.


Sawise iku Putraning Manungsa rawuh, Panjenengane dhahar lan ngunjuk. Kowe banjur calathu: Delengen, Iku rak wong grangsangan lan karem anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa.


“Wong iku kapanjingan dhemit sarta owah; yagene padha kokrungokake?”


Wong Yahudi padha mangsuli: “Rak ya bener, ta, kandhaku yen kowe iku wong Samaria kang kapanjingan dhemit?”


Pangucape wong-wong Yahudi: “Saiki aku padha weruh yen Kowe iku kranjingan dhemit. Rama Abraham seda para nabi mangkono uga, mangka Kowe iku kok duwe pangucap: Sapa wong kang netepi ing pituturKu, bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.


“Apa ta tegese iki?” Nanging wong liyane ana kang ngece, calathune: “Wong iku rak padha mendem anggur manis.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan