He, putri ing Yerusalem, aku bisa mratelakake apa marang kowe, lan kowe kena dakupamakake apa? He, putri kenya ing Sion, kowe kena dakupamakake apa, kanggo nglipur kowe, marga gempuranmu ambane kaya sagara, sapa kang bisa marasake kowe?
Nanging para wong Farisi lan para ahli Toret padha nampik marang karsane Gusti Allah tumrap awake dhewe, sarana anggone padha ora gelem dibaptis dening Nabi Yokanan.
Wong-wong iku upamane kaya bocah-bocah kang linggih ana ing pasar lan kang padha ngucap saur-sauran: Kowe wis padha daksulingi, kok ora njoged. Aku wis padha ngidungake kidung pangadhuh, kowe kok ora nangis.