Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 7:29 - Kitab Sutji

29 Wong akeh kang padha ngrungokake pangandikane, kalebu uga para juru-mupu-beya, kabeh padha nganggep marang adiling Pangeran, amarga wis padha dibaptis dening Nabi Yokanan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 7:29
15 Iomraidhean Croise  

Mugi kawula Paduka resiki babar pisan saking sakathahing dosa kawula, sarta dosa kawula mugi Paduka ruwat.


Dene manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku kowe oleh pituwas apa? Para juru-mupu-beya rak ya tumindak mangkono, ta?


Nanging yen aku padha kandha: Saka manungsa, wong-wong mesthi bakal padha mbenturi watu marang kita, amarga padha yakin, yen Yokanan iku nabi.”


Ana juru-mupu-beya kang uga padha teka arep nyuwun baptis, iku padha matur pitakon: “Guru, kula kedah sami nglampahi punapa?”


Aku pitutur marang kowe: Ing antarane wong kang kalairake dening wong wadon ora ana kang ngungkuli Nabi Yokanan, nanging kang cilik dhewe ana ing Kratoning Allah iku ngungkuli dheweke.”


Nanging kawicaksananing Allah iku kabenerake dening sakehing wong kang padha nampani.”


Dheweke wis tampa piwulang bab Margining Pangeran. Kalawan semangat sarta kalawan patitis anggone nglairake piwulange bab Gusti Yesus, nanging kang disumurupi mung bab baptise Nabi Yokanan.


Rasul Paulus nuli ndangu: “Manawi makaten, panjenengan sami kabaptis ngangge baptis punapa?” Atur wangsulane: “Ngangge baptisipun Nabi Yokanan.”


Sabab, padha ora wanuh marang kabeneraning Allah sarta ngarah ngadegake kabenerane dhewe, mulane padha ora sumuyud marang kabeneran kang saka Gusti Allah.


Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!


Aku banjur krungu malaekat kang nguwaosi banyu iku munjuk: “Paduka punika adil, Paduka ingkang wonten sarta ingkang kala rumiyin sampun wonten, Paduka ingkang suci, ingkang sampun ndhawahi paukuman punika.


Pangandikane Sang Prabu Adhoni-Bezek: “Suwaunipun wonten ratu pitung dasa sami ndlosor wonten ing sangandhaping meja kula, ngukupi sisaning tedha, sadaya sami kaprotholan jempolaning tangan lan sukunipun; kadosdene ingkang sampun kula tindakaken, inggih makaten pamalesipun Gusti Allah dhateng kula.” Prabu Adhoni-Bezek mau tumuli digawa menyang ing Yerusalem lan seda ana ing kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan