28 Aku pitutur marang kowe: Ing antarane wong kang kalairake dening wong wadon ora ana kang ngungkuli Nabi Yokanan, nanging kang cilik dhewe ana ing Kratoning Allah iku ngungkuli dheweke.”
Satemene Aku pitutur marang kowe: Ing antarane wong-wong kang lair saka wong wadon, ora ana kang madeg ngungkuli Yokanan Pambaptis, ewasamono wong kang cilik dhewe ana ing Kratoning Swarga, iku ngluwihi Yokanan Pambaptis.
Nabi Yokanan banjur paring wangsulan, pangandikane: “Aku iki mbaptisi kowe nganggo banyu, nanging Panjenengane kang panguwasane ngungkuli aku, iku bakal rawuh lan sanadyan mung nguculi ageme trumpah bae, aku ora patut. Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni.
Wong akeh kang padha ngrungokake pangandikane, kalebu uga para juru-mupu-beya, kabeh padha nganggep marang adiling Pangeran, amarga wis padha dibaptis dening Nabi Yokanan.
sarta ngandika marang para sakabate: “Sing sapa nampani bocah iki atas saka jenengKu, dadi Aku kang ditampani; lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku. Awit kang cilik dhewe ing antaramu kabeh, iku kang gedhe dhewe.”