Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 7:27 - Kitab Sutji

27 Awit ana pangandika bab dheweke, mangkene: Lah Ingsun dhawuh marang utusaningSun supaya ndingini Sira, lan nyawisake dalaniRa ana ing ngarepiRa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 7:27
10 Iomraidhean Croise  

Ana swara kang nguwuh-uwuh: “Nyawisna margi kagem Sang Yehuwah ana ing pasamunan, ngencengna dalan gedhe kagem Allah kita ana ing ara-ara samun!


Lah Ingsun nglampahake utusaningSun, Sundhawuhi ngrata dalan ana ing ngarsaningSun! Kalawan dadakan Pangeran kang sira goleki iku bakal rawuh ing padalemane! Lah Malaekate prasetyan kang sira karepake iku rawuh –, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Awit iya iku kang kapratelakake ing Kitab mangkene: Lah, Ingsun ngutus malaekatingSun lumaku ndhisiki Sira, arep nyawisake dalanira ana ing ngarepira.


Kaya kang wis katulisan ing kitabe Nabi Yesaya: “Lah, Ingsun dhawuh marang utusaningSun, supaya ndhisiki Sira, iku bakal nyawisake dalanira;


Dene kowe, ngger, anakku, bakal kasebut nabining Allah Kang Mahaluhur, amarga kowe bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran prelu nyawisake dalan kagem Panjenengane,


Dadi apa prelumu mrana? Apa ndeleng nabi? Iya bener, lan Aku pitutur marang kowe, malah ngungkuli nabi.


Aku pitutur marang kowe: Ing antarane wong kang kalairake dening wong wadon ora ana kang ngungkuli Nabi Yokanan, nanging kang cilik dhewe ana ing Kratoning Allah iku ngungkuli dheweke.”


Pangandikane Nabi Yokanan: “Aku iki swarane wong kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan: Padha ngencengna margi ambah-ambahane Pangeran! Kaya kang wus dipangandikakake dening Nabi Yesaya.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan