Dene kowe, ngger, anakku, bakal kasebut nabining Allah Kang Mahaluhur, amarga kowe bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran prelu nyawisake dalan kagem Panjenengane,
Angger-anggering Toret lan kitab-kitabe para nabi iku kanggone nganti tumeka jamane Nabi Yokanan. Wiwit ing wektu iku Injil Kratoning Allah kaundhangake lan saben wong rebutan arep lumebu ing kono.
Utawa arep apa kowe mrana iku? Apa arep ndeleng wong kang manganggo sarwa alus? Wong kang manganggo endah lan kang uripe mewah iku panggonane ana ing kraton.