Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 7:25 - Kitab Sutji

25 Utawa arep apa kowe mrana iku? Apa arep ndeleng wong kang manganggo sarwa alus? Wong kang manganggo endah lan kang uripe mewah iku panggonane ana ing kraton.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 7:25
16 Iomraidhean Croise  

Sapunika kawula sampun umur wolung dasa taun, punapa kawula taksih saged mbedakaken prakawis ingkang sae utawi awon? Punapa kawula taksih saged ngraosaken punapa-punapa ingkang kawula tedha utawi kawula ombe? Punapa kawula taksih saged ngemataken larasing pangidunganipun para pasindhen jaler lan estri? Punapa perlunipun abdi dalem punika taksih dados tanggelanipun gusti kawula Sang Prabu?


dhaharan ing mejane, patrap anggone para abdine padha lungguh ngadhep, patrap anggone para peladen padha leladi lan anggone padha manganggo, pangunjukane tuwin kurban obaran kang saben-saben kacaosake ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah, Sang Raja Putri banget erame.


Atur wangsulane: “Tiyangipun mangangge sandhangan dhiwut-dhiwut, sarta mawi sabuk wacucal ing bangkekanipun.” Sang Prabu tumuli ngandika: “Iku Elia, wong Tisbe!”


padha kadhawuhan nyowanake Sang Prameswari Wasti mau marang ing ngarsa dalem kalawan ngagem makuthaning kaprabon, supaya mamerna kaendahaning warnane marang para kawula lan para panggedhe, amarga Sang Prameswari iku endah banget warnane.


nalika ing taun kang kaping telune paprentahane, Sang Prabu mangun bujana kalawan nimbali sakehing para panggedhe lan punggawa kabeh; wadya-bala ing tanah Persia lan Media, para priyagung lan panggedhening dhaerah padha pepak andher ana ing ngarsane.


Mangkono iku nganti tekan ing ngareping gapuraning kraton, ujer ora ana wong kang kena lumebu ing gapura kalawan manganggo bagor.


Bareng wus tutug telung dinane Sang Prameswari Ester banjur ngagem busana kaprabon, tumuli jumeneng ana ing plataran njero madhep marang kadhaton, Sang Prabu mbeneri lenggah ing dhamparing karajan ana ing kadhaton.


Pak Mordekhai mundur saka ing ngarsane Sang Prabu kalawan nganggo ageman kaprabon wungu tuwa karo mori alus, sarta jamang mas gedhe, jubahe lena alus lan kain wungu enom. Wong saindenging kutha Susan padha surak-surak lan sukarena.


Banjur ngagem kaadilan kadadekake kere lan toponging karahayon ana ing mustakane; ngagem busana piwales sarta jubahing panggalih benter.


Utawa arep apa kowe mrana? Arep ndeleng wong kang nganggo sandhangan kang sarwa alus? Wong kang manganggo sarwa alus iku kang ana ing kraton.


Nabi Yokanan iku pangagemane kang kagawe wulu unta, sarta apaningset walulang; kang kadhahar walang lan madu alas.


Ewadene Aku pitutur marang kowe: Sanadyan Raja Suleman sajrone sagunging kaluhurane, pangagemane ora madhani salah sawijining kembang iku.


“Ana wong sugih kang tansah manganggo jubah wungu lan kain kang alus, sarta saben dina mangun suka ngeram-eramake.


Bareng utusane Nabi Yokanan wis padha mundur, Gusti Yesus banjur wiwit medhar pangandika marang wong akeh iku bab Nabi Yokanan, mangkene: “Apa prelumu menyang ing ara-ara samun? Ndeleng glagah kang mobat-mabit marga kanginan?


Dadi apa prelumu mrana? Apa ndeleng nabi? Iya bener, lan Aku pitutur marang kowe, malah ngungkuli nabi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan