Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 7:22 - Kitab Sutji

22 Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Padha mundura, aturna marang Nabi Yokanan apa kang kokdeleng lan kokrungu: Wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake, lan wong mlarat padha kawartanan Injil.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 7:22
31 Iomraidhean Croise  

Aku dadi mripat tumrap wong wuta, sarta dadi sikil tumrap wong lumpuh.


Pangeran Yehuwah ngelekake mripate para wong wuta, Pangeran Yehuwah njejegake para wong kang tumungkul, Pangeran Yehuwah ngasihi marang para wong mursid.


Ingsun bakal nuntun para wong wuta ana ing dalan kang durung tau padha diambah, tuwin iku padha Sunlakokake ing dalan-dalan kang durung disumurupi. Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang, sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata. Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau, lan kang mesthi bakal Suntindakake.


Kareben wong ngajokake bangsa kang wuta sanadyan ana mripate, kang budheg sanadyan duwe kuping!


Lah, Ingsun bakal ngirid para wong iku saka ing tanah lor, lan bakal ngumpulake wong-wong iku saka ing poncoting bumi, panunggalane ana kang picak lan lumpuh, ana wonge wadon kang lagi ngandheg bareng karo kumpulane wong kang nglairake anak; baline mrene dadi pasamuwan kang gedhe.


Lan ana ing tengahira Ingsun ngantunake umat kang andhap-asor lan ringkih, lan kang bakal golek pangayoman ana ing asmane Sang Yehuwah,


wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong lara budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan.


Tumuli ana wong wuta lang wong pincang padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ana ing Padaleman Suci lan banjur padha kawarasake.


“Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawuhan martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun


Nalika samana Gusti Yesus pinuju nyarasake wong akeh kang padha nandhang sawarnaning lelara lan memala sarta kang kasurupan dhemit, apadene akeh wong picak kang padha kaparingan pandeleng.


Lan rahayu wong kang ora kecuwan ing bab Aku.”


Pangucape Natanael: “Saka Nasaret apa ana barang kang becik?”


supaya ngelekake mripate, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing panguwasaning Iblis lan ngungsi marang Gusti Allah, supaya padha oleh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadene banjur tampa warisan ana ing satengahe para kang wus kasucekake.


Amarga wong akeh kang padha kapanjingan dhemit, dhemite padha metu kalawan nguwuh-uwuh sora, lan uga akeh wong lumpuh sarta wong pincang kang padha diwarasake,


Rungokna ta, sadulur-sadulurku kang daktresnani, Gusti Allah apa ora wus milih wong miskin ing donya iki, supaya padha dadia sugih ing sajroning pracaya sarta padha dadi ahli-warise Kraton, kang wis diprasetyakake marang kang padha nresnani Panjenengane?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan