21 Nalika samana Gusti Yesus pinuju nyarasake wong akeh kang padha nandhang sawarnaning lelara lan memala sarta kang kasurupan dhemit, apadene akeh wong picak kang padha kaparingan pandeleng.
Manawi ing nagari ngriki katempuh ing paceklik, manawi kataman ing pageblug, ama saha penyakit gandum, walang utawi walang kethaha, manawi mengsah damel rupekipun tiyang-tiyang wau wonten ing salah satunggaling kithanipun, manawi wonten wewelak utawi sesakit punapa kemawon,
Nanging manawa imam mrono, mangka miturut papriksane tandha-tandha mau ora mremen sawuse dilepa maneh, imam banjur netepna omah iku ora najis, marga memalane wus ilang.
Gusti Yesus tumuli ndlajahi satlatahe tanah Galilea kabeh, memulang ana ing papan-papan pangibadahe wong kono, sarta nggelarake Injiling Kraton, apadene nyarasake sarupane lelara lan sarupane memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono.
Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar ing tanah Siria kabeh; sakehe wong, kang nandhang lelara banjur padha disowanake menyang ing ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lan sangsarane, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake.
Bareng wis padha ana ing ngarsane Gusti Yesus, banjur matur: “Kawula sami kautus dening Nabi Yokanan Pambaptis, kadhawuhan matur pitaken: Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanesipun?”