“Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allahe bendaraku Abraham kang ora ngingkedi sihe kasetyane marang bendaraku, sarta Sang Yehuwah wus nuntun lakuku ana ing dalan kang anjog ing daleme para sadhereke!”
Nalika samana Debora inyane Ribkah ngajal, banjur kakubur ing Betel perangan kang ngisor ana ing sangisore wit gedhe, kang katelah aran: Wit Gedhe Patangisan.
Panggedhening prajurit dalah para wadyabalane sing padha njaga Gusti Yesus, bareng weruh lindhu lan apa kang wis kalakon, padha wedi, lan padha calathu mangkene: “Sanyata Panjenengane iku Putraning Allah.”
Bareng opsir mau krungu bab Gusti Yesus, tumuli kongkonan pinituwane wong Yahudi sawatara, sowan ing ngarsane, nyuwun supaya Panjenengane karsa rawuh nyarasake batur mau.
Sapengkere malaekat kang mangandikani mangkono mau, Kornelius banjur ngundang bature loro tuwin prajurit siji kang mursid, panunggalane kang tansah tetunggalan kalawan dheweke,
Krungu katrangan mangkono iku, opsir mau banjur lapur marang panggedhening prajurit, ature: “Punapa ingkang badhe panjenengan tindakaken? Tiyang punika warganagari Rum?”
Rasul Paulus tumuli ngaturi sawijining opsir lan matur: “Lare punika kula aturi nyowanaken dhateng ing ngarsaning pangagengipun prajurit, jalaran wonten prakawis ingkang prelu dipun uningakaken ing panjenenganipun.”
Bareng wis diputus, aku kabeh bakal lelayaran menyang ing tanah Itali, Rasul Paulus lan wong tahanan liyane sawatara dipasrahake marang sawijining opsir wadyabalane Sang Nata Agung, jenenge Yulius.
Nanging opsire kapengin nggesangi Rasul Paulus. Mulane niyate para prajurit mau digagalake sarta prentah, supaya wong-wong kang bisa nglangi padha ndhisiki nyegur ing sagara lan munggah ing dharatan,
He, para batur, mituhua marang bandaramu kadonyan ing sadhengah prakara, aja mung ana ing sapangarepan anggonmu gawe senenge, nanging diklawan tulusing ati kang marga saka wedi marang Gusti,