Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”
Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.
Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.
Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel.
He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.
Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.
Sawise iku Gusti nuding wong pitung puluh maneh padha diutus ngloro-ngloro ndhisiki Panjenengane, menyang ing saben kutha lan panggonan kang bakal dirawuhi.
Ing sawijining dina Gusti Yesus ndedonga ana ing salah sawijining panggonan; bareng wis kendel, ana sakabate siji kang munjuk: “Gusti, kawula mugi sami Pduka wulang ndedonga, sami kados ingkang dipun wulangaken dening Nabi Yokanan dhateng para sakabatipun.”
Nanging Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe para wong Farisi, kowe padha ngresiki jabaning tuwung lan pinggan, nanging ing jeromu kebak isi rampasan lan piala.
Paring wangsulane Gusti: “Sapa ta kang dadi pitayaning omah kang setya lan pinter, kang bakal diangkat dening bendarane dadi tetuwaning para abdi kang nyadhongi pangan marang dheweke kabeh ing wayah kang wis katemtokake?
Nanging Gusti mangsuli, pangandikane: “Heh, wong-wong lamis, apa panunggalanmu ing dina Sabat ora nguculi sapine utawa kuldine saka ing kandhang banjur diombekake.
Paring wangsulane Gusti: “Manawa kowe duwe pangandel kang gedhene sawiji sawi bae, yen kowe calathu marang wit anjir alas iki: Rungkada, tumancepa ing sagara; mesthi bakal ngestokake marang pakonmu.”
Nanging Zakheus banjur ngadeg lan munjuk marang Gusti: “Gusti, sabarang gadhahan kawula, sapalih badhe kawula sukakaken dhateng tiyang miskin sarta manawi wonten tiyang ingkang sakinten kawula pendheti punapa-punapanipun kanthi patrap ingkang boten sae, badhe kawula wangsulaken tikel sakawan.”
Gusti Yesus banjur minger mirsani Petrus. Petrus nuli kelingan, yen Gusti wis ngandika marang dheweke: “Sadurunge jago kluruk ing dina iki, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.”
Bareng wis padha ana ing ngarsane Gusti Yesus, banjur matur: “Kawula sami kautus dening Nabi Yokanan Pambaptis, kadhawuhan matur pitaken: Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanesipun?”
Bareng Gusti mirsa yen wong Farisi wus padha krungu pawarta yen kang manjing dadi siswa sarta dibaptis dening Gusti Yesus iku kehe ngluwihi sakabate Nabi Yokanan,
Unjuke wong wadon: “Kawula sumerep bilih Sang Mesih badhe rawuh, ingkang ugi kasebat Sang Kristus; punika sarawuhipun badhe nyumerepaken samukawis dhateng kawula sadaya.”
Senapati Yusak bin Nun kalawan sidheman banjur ngutus wong loro saka Sitim kakarsakake nelik, pangandikane: “Kowe padha mangkata, niti-priksaa nagara iku lan kutha Yerikho.” Wong mau tumuli padha mangkat, lan teka ing omahe sawijining wong wadon tunasusila, jenenge Rakhab lan nginep ana ing kono.