Nalika Gusti Yesus wus miyos ana ing kutha Betlehem ing tanah Yudea, yaiku nalika jumenenge Sang Prabu Herodhes, banjur ana pandhita-pandhita saka ing tanah wetan padha teka ing kutha Yerusalem
Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar ing tanah Siria kabeh; sakehe wong, kang nandhang lelara banjur padha disowanake menyang ing ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lan sangsarane, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake.
Sang Prabu Herodhes iya midhanget bab Gusti Yesus, sabab Asmane wis kondhang lan wong-wong padha kandha: “Nabi Yokanan Pambaptis wis wungu saka ing antarane wong mati, mulane kadunungan kasekten mangkono.”
Gusti Yesus banjur kondur menyang ing tanah Galilea kalawan ngagem panguwasaning Roh. Anadene pawarta bab Panjenengane iku tumuli sumebar ana ing jajahan kono kabeh.