Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 7:16 - Kitab Sutji

16 Kabeh wong padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Ana nabi agung kang jumeneng ing tengah-tengah kita, sarta Gusti Allah wis nuweni umate.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 7:16
31 Iomraidhean Croise  

Awit saking punika tiyang-tiyang ingkang manggen ing poncot-poncoting bumi sami ajrih dhateng pratandha-pratandha kaelokan Paduka; papan jumedhulipun enjing tuwin sonten, Paduka damel asurak-surak.


Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud.


Lan kutha iki bakal dadi bakuning kabungahan, kasuwur lan dadi pangaleman tuwin ingajenan tumrap Ingsun, ana ing ngarepe sakehe bangsa ing bumi; kang wus padha krungu bab sakehing kadarman kang Suntandukake marang bangsa iki; para bangsa bakal padha kaget lan gumeter, marga saka sakehing kadarman lan karaharjan kang Suntandukake marang bangsa iku.


Temahan wong akeh padha kaeraman ndeleng wong bisu padha caturan, wong pincang padha waras, wong lumpuh padha lumaku, wong picak bisa ndeleng, lan kabeh banjur padha ngluhurake Allahe Israel.


Wong akeh padha mangsuli: “Iku Nabi Yesus saka Nasaret ing tanah Galilea.”


Wong-wong mau banjur enggal-enggal mangkat saka ing pasarean kanthi rasa wedi lan bungah banget, sarta enggal-enggal padha lumaku rerikatan marani para sakabat prelu menehi pawarta bab mau.


Wong akeh bareng padha ndeleng bab iku, padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, kang wus paring panguwasa nganti samono marang manungsa.


Para tangga-teparone padha ketaman ing wedi, apadene lelakon mau banjur tansah dadi rerasanane wong-wong ing pagunungan Yudea kabeh.


“Pinujia Pangeran, Allahe Israel, sabab wis nuweni umate lan paring pangluwaran.


Kowe bakal kagempur nganti wrata karo lemah bareng karo anak-anakmu, sarta mungsuhmu ora bakal nglestarekake watu kang siji tumumpang ing watu liyane ing tembokmu, awit kowe ora nyumurupi wayahe anggone Gusti Allah nuweni kowe.”


Para pangon tumuli padha bali kalawan memuji lan ngluhurake Allah, marga sabarang kang wis dirungu lan wis dideleng, cocog karo kang wis dipangandikakake marang wong-wong mau.


Paring wangsulane: “Lelakon apa ta iku?” Unjuke kang kadangu: “Lelampahanipun Sang Yesus Nasarani, ingkang jumeneng nabi, ingkang kuwaos ing pandamel saha ing pangandika wonten ing ngarsaning Allah sarta wonten ing ngajengipun bangsa kula sadaya.


Wong kabeh padha kaeraman lan padha ngluhurake Gusti Allah sarta padha wedi banget pangucape: “Dina iki aku kabeh wus padha nyumurupi barang-barang kang nggumunake banget.”


Nalika Simon nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi jengkune Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, Paduka mugi karsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.”


Kang mati tumuli njenggelek, linggih lan wiwit guneman, banjur dipasrahake marang embokne.


Bareng wong Farisi kang ngaturi rawuh Gusti Yesus weruh kang kaya mangkono iku, dheweke banjur duwe osik mangkene: “Manawa Dheweke iku Nabi, mesthine ngreti, sapa lan wong apa sing nggepok awake iku; mesthi ngreti, yen iku wong dosa.”


Wasana kabeh wong ing laladane tanah Gerasa padha nyuwun marang Gusti Yesus, supaya karsaa linggar saka ing kono, marga padha wedi banget. Panjenengane banjur minggah ing prau lan wangsul nyabrang.


Atur wangsulane: “Nabi Yokanan Pambaptis. Wonten ugi ingkang mastani Nabi Elia, wonten malih ingkang mastani salah satunggaling nabi ing jaman kina ingkang sampun wungu.”


Pitakone kongkonan: “Manawi makaten panjenengan punika sinten? Punapa Nabi Elia?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Dudu.”


Iku banjur nyuwun pirsa maneh: “Manawi panjenengan sanes Sang Kristus, sanes Nabi Elia, sanes nabi ingkang sami kula antos-antos, punapaa dene panjenengan kok mawi mbaptis?”


Unjuke wong wadon: “Gusti, sapunika tumrap kawula sampun cetha, bilih Paduka punika nabi.


Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindakake dening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap: “Panjenengane iku nyata Kangjeng Nabi kang bakal rawuh ing jagad.”


Para wong Farisi banjur padha ngandika maneh marang wong kang maune wuta iku: “Panganggepmu marang wong iku kapriye, rehne kowe kang dielekake mripatmu?” Ature kang didangu: “Panjenenganipun punika nabi.”


Bareng Ananias krungu pangandika mangkono iku, banjur ambruk apegat nyawa, temah wong kabeh kang krungu bab iku padha wedi banget.


Inggih Nabi Musa punika ingkang ngandika dhateng tiyang-tiyang Israel: Gusti Allah bakal ngadegake nabi kaya aku iki kanggo ing kowe saka ing antarane para sadulurmu.


Lan wong-wong mau banjur padha ngluhurake Gusti Allah marga saka aku.


Ana nabi kang saka ing tengahmu, saka ing antarane para sadulurmu kaya aku iki, bakal diadegake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe, yaiku kang kudu kokestokake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan