Panjenengane nuli ngrungkepi bocahe ping telu, lan munjuk kalawan swara sora marang Pangeran Yehuwah: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula! Paduka mugi karsaa mangsulaken nyawanipun lare punika dhateng ing badanipun.”
Dhuh Yehuwah, para tiyang Paduka ingkang pejah sami badhe gesang malih, mayitipun sami badhe tangi malih. He wong-wong kang wus padha kakubur ing lemah, tangia lan surak-suraka! Sabab ebuning Yehuwah iku ebuning pepadhang, lan bumi bakal nglairake arwah-arwah iku maneh.
Satemen-temene pituturKu ing kowe, bakal tumeka ing wektune, malah wus tumeka ing wektune, wong mati padha krungu swarane Putraning Allah. Sarta kang padha ngrungokake iku bakal urip.
iya kaya kang katulisan, wiraose: “Sira iku wus Sunpasthekake dadi bapakne bangsa akeh,” – ana ing ngarsane Gusti Allah kang wus diandelake, kang nguripake wong mati sarta kang nyabdakake apa kang ora ana dadi ana.