Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 7:12 - Kitab Sutji

12 Bareng tindake wis cedhak karo sakethenging kutha, ana layon kapikul metu, iku anak ontang-anting, embokne wis randha. Akeh wong saka ing kutha kang padha ngiringake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 7:12
20 Iomraidhean Croise  

Dhawuhe Sang Malaekat: “Tanganira aja sira agagake marang si bocah, lan aja sira kapak-kapakake! Awitdene saiki Ingsun mirsa yen sira ngabekti marang Gusti Allah, nganti sira ora owel masrahake anakira lanang ontang-anting marang Ingsun.”


Dhawuhe Gusti Allah: “Anakira ontang-anting, kang sira kasihi, yaiku si Iskak, iku alapen, gawanen menyang ing tanah Moria, ana ing kono saosna kagawe kurban obaran ana ing salah sawijining gunung kang bakal Suntedahake marang sira.”


Lan sapunika sadaya sanak-sadherek sami nggigat dhateng abdi dalem sarta wicanten: Anakmu kang mateni sadulure iku ulungna, arep dak pateni, minangka gantine nyawane sadulure kang dipateni iku lan aku iya arep numpes ahli warise. Tiyang punika sami badhe numpes turun kawula ingkang taksih kantun, temah semah kawula boten nilar nama wonten ing salumahing bumi.”


Ature wong wadon mau: “Demi Yehuwah, Gusti Allah panjenengan ingkang gesang, kula saestu boten gadhah roti sanadyan namunga sakedhik, kejawi glepung sagegem wonten ing wadhah kaliyan lisah sakedhik wonten ing guci. Lah sapunika kula saweg nglempakaken kajeng kalih utawi tigang lonjor, lajeng badhe mantuk tuwin ngolah sawontenipun wau kangge kula lan anak kula, saha sasampunipun nedha, kula lajeng sami badhe pejah.”


Wong wadon iku nuli matur marang Nabi Elia: “Punapa ta karsa panjenengan rawuh ing ngriki punika, dhuh abdining Allah? Anggen panjenengan mriki punika punapa prelu ngengetaken dhateng kalepatan kula saha badhe damel pejahipun anak kula?”


Nabi Elia banjur mbopong bocah mau lan dibekta mudhun saka ing kamar ing dhuwur menyang ing omah sarta dipasrahake marang ibune. Pangandikane Nabi Elia: “Enya, iki anakmu, wus urip!”


“Sira tata-tataa lan mangkata menyang ing Sarfat, kang klebu ing wilayahe Sidon banjur manggona ing kana. Sumurupa, Ingsun wus dhawuh marang sawijining randha supaya menehi pangan marang sira.”


Nabi Elisa ngandika: “Ing taun ngarep pendhake mangsa mangkene, kowe bakal mondhong anak lanang.” Nanging atur wangsulane wong wadon mau: “Sampun ta bendara kula, dhuh abdining Allah! Sampun ngandika ingkang boten nyata dhateng abdi panjenengan punika!”


Bocahe banjur digendhong, digawa mulih diparakake marang ibune. Tumuli lungguh ing pangkone ibune nganti wayah tengange, nanging sawuse iku nuli tinggal donya.


Wong kang arep nemu bilai ngucapake berkah marang aku, sarta aku gawe bungahing atine randha.


“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.


Sawise iku Gusti Yesus tindak menyang ing sawijining kutha kang aran Nain. Para sakabate padha ndherekake, lan iya ana wong akeh kang padha gumrudug melu ndherek uga.


Nalika Gusti mirsa randha mau, trenyuh banget panggalihe marga saka welase, banjur ngandika marang randha mau: “Aja nangis!”


amarga anake wadon ontang-anting, kang kira-kira umur rolas taun meh mati. Gusti Yesus nalika tindak mrana, sarirane kadhesek-dhesek ing wong akeh.


Kabeh wong padha nangisi bocahe kalawan ngadhuh-adhuh. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aja padha nangis, bocahe ora mati, mung turu.”


Anadene wong Yahudi wus akeh kang padha teka ing omahe Marta lan Maryam prelu nglipur anggone kesripahan sadulure.


Rasul Petrus nuli enggal-enggal tindak bebarengan karo wong-wong mau. Bareng wis rawuh ing kana, banjur didherekake menyang ing kamar ndhuwur sarta kabeh warandha padha ngadeg ing sacedhake apadene kalawan nangis padha nuduhake kabeh klambi lan sandhangan, gaweane Dorkas nalika isih urip.


Tumuli tangane diasta dening Rasul Petrus, dilawani anggone ngadeg. Sawise mangkono nuli nimbali para suci lan para warandha sarta nedahake, yen wong wadon mau wis urip.


Pangibadah kang murni sarta tanpa cacad ana ing ngarsaning Allah, Rama kita, yaiku niliki bocah lola sarta para randha sajroning kasusahane lan njaga supaya awake dhewe aja nganti kena ing jejembering donya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan