9 Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Aku takon marang kowe: Apa kang kepareng ditindakake ing dina Sabat, gawe becik, apa gawe ala, nylametake apa ngrusak nyawa?”
Nuli ngandika marang wong-wong mau: “Apa kang diparengake ing dina Sabat, tumindak becik apa tumindak ala, nylametake wong apa mateni wong?” Nanging kabeh padha meneng bae.
Sawise ngandika mangkono nuli mirsani mubeng marang wong-wong mau, banjur ngandika marang kang ceko: “Tanganmu athungna!” Wong mau iya banjur nindakake mangkono, wasana tangane waras.
Nanging Panjenengane ora kekilapan marang kang dadi osiking atine wong-wong mau, tumuli ngandika marang kang ceko: “Ngadega, mapana ing tengah kene!” Wonge banjur ngadeg mapan.