Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:8 - Kitab Sutji

8 Nanging Panjenengane ora kekilapan marang kang dadi osiking atine wong-wong mau, tumuli ngandika marang kang ceko: “Ngadega, mapana ing tengah kene!” Wonge banjur ngadeg mapan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:8
19 Iomraidhean Croise  

Anadene sira, putraningsun Suleman, sira diwanuh kalawan Gusti Allahe ramanira lan ngabektia marang Panjenengane kalawan tulus eklas lan legawaning ati, awit Pangeran Yehuwah iku niti priksa sakehing ati tuwin nguningani sakehing kekarepan lan idham-idhaman. Manawa sira ngupaya marang Panjenengane, Panjenengane rena manawa sira sowani, nanging manawa sira ninggal Panjenengane, sira bakal kabuwang ing salawase.


Kawula sumerep, dhuh Allah kawula, bilih Paduka punika ndadar manah saha rena dhateng manah ingkang eklas, milanipun kawula inggih ngunjukaken punika sadaya kanthi manasuka saha kalayan legawaning manah; dene ing samangke, umat Paduka ingkang wonten ing ngriki kawula tingali sami ngunjukaken pisungsung manasuka kalayan senenging manah.


“Kawula sapunika mangretos, bilih Paduka kwaos nindakaken samukawis, saha boten wonten karsa Paduka ingkang kenging kabadal.


Saupami kawula sami kesupen dhateng asmanipun Gusti Allah kawula, lan ngegaraken tangan kawula dhumateng allah sanesipun,


Awake dhewe ora bakal lesah lan ora bakal pepes tumungkul, nganti wus rampung anggone njejegake kabeneran ana ing bumi; sakehing pulo-pulo ngarep-arep marang piwulange.


Nanging Gusti Yesus mirsa kang dadi panggraitane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Yagene kowe padha duwe panggraita kang ala ana ing atimu?


Gusti Yesus banjur ngandika marang wong kang ceko: “Mara, ngadega ing tengah kene!”


Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau, banjur ditimbali sarta dipangandikani mangkene: “He, mbok, lelaramu wis mari.”


Nanging Gusti Yesus nguningani pikirane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Apa sing padha kokpikir ing sajroning atimu?


Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Aku takon marang kowe: Apa kang kepareng ditindakake ing dina Sabat, gawe becik, apa gawe ala, nylametake apa ngrusak nyawa?”


sarta ora prelu ana wong kang nyaosi paseksen bab manungsa marang Panjenengane, jalaran Panjenengane wis mirsa piyambak apa kang ana ing batine manungsa.


Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus kang kaping telune: “Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: “Apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!


Aku kudu padha nglakoni ayahane Panjenengane kang ngutus Aku mumpung isih awan. Wayah bengi bakal teka, wayahe wong ora bisa nglakoni pagawean.


Ananging aku sathithik bae ora ngetung marang nyawaku, angger aku bisa nutugake lakuku lan ngrampungake bubuhan kang kaparingake marang aku dening Gusti Yesus, iya iku nekseni bab Injile sih-rahmating Allah.


Sang Prabu ugi nguningani prakawis punika sadaya, awit saking punika kawula kalayan tatag saha tanpa tedheng aling-aling matur wonten ing ngarsanipun. Kawula yakin, bilih sadaya punika boten wonten satunggal kemawon ingkang dereng nate kapirengaken, awit prakawis punika boten kalampahan wonten ing panggenan ingkang kiwa.


kalawan ora wedi babar pisan marang mungsuhmu. Iku mau kabeh tumraping mungsuh-mungsuhmu dadi ngalamating karusakan, nanging tumrap kowe kabeh dadi ngalamating karahayon, lan iku tekane saka Gusti Allah.


Sarta ora ana titah kang sinamar ana ing ngarsane, jalaran samubarang kabeh katon ngeblak lan bukakan ana ing ngarsane paningale kang mundhut panjawab marang kita.


Dadi sarehne Gusti Yesus Kristus wis nglampahi sangsara kadagingan, mulane kowe iya sikepa gegaman pikiran mangkono, amarga sapa kang wis nandhang sangsara kadagingan iku wis mareni anggone nglakoni dosa,


Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan