Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 6:49 - Kitab Sutji

49 Nanging sing sapa ngrungokake pituturKu mangka ora dilakoni, iku padhane kaya wong kang ngadegake omah tanpa pandhemen. Bareng ana banjir kang nrajang, omah iku ambruk, sarta banget rusake omah iku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 6:49
30 Iomraidhean Croise  

Sing sapa lakune tanpa cacad, iku bakal kapitulungan, nanging kang plinthat-plinthut bakal tiba ing luwangan.


Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha.


Ingsun ora bakal ngukum anak-anakira wadon sanadyan padha laku jina, utawa mantu-mantunira wadon, sanadyan dadi wanita tuna-susila amarga dheweke dhewe padha manggon ndhewe karo para wong wadon tuna-susila, sarta sesaji bebarengan karo sundel-sundel agama, mulane umat kang ora duwe pangreten iku bakal nemahi karusakan.


Mulane padha nglakonana lan nuruta marang sakabehing piwulange, nanging aja niru marang tindak-tanduke, amarga iku padha aweh piwulang, nanging ora padha nglakoni dhewe.


Ing kono bakal akeh wong kang murtad sarta padha ulung-ingulungake lan sengit-sinengitan.


Nanging ku ora ana oyode, dadi mung bisa tahan sadhela. Bareng ana mangsane katindhes lan kinaniaya, marga saka pangandika mau, banjur padha murtad.


Anadene abdi kang ngreti marang karsane bendarane, mangka ora cecawis utawa ora nindakake apa kang dikarsakake dening bendarane, iku bakal digebugi marambah-rambah.


Nanging panjenengane iku disengiti ing wong-wong ing nagarane, mulane tumuli padha nusuli kongkonan, padha dikon munjuk: Kawula sami boten trimah, manawi tiyang punika jumeneng ratu, ngereh kawula sadaya.


Nanging kabeh satruningsun iki, kang padha ora seneng manawa ingsun jumeneng dadi ratune, iku padha sira ladekna mrene, padha patenana ana ing ngarsaningsun.”


“Geneya kowe kok nyebut Aku: Gusti, Gusti, mangka kowe padha ora nglakoni pituturKu?


Iku padhane kaya wong kang ngedegake omah: Wong iku gawe kalenan kang jero, sarta pandhemene kapasang ing padhasan. Bareng ana banjir lan banjir mau nrajang omah iku, omah iku ora bisa gonjing amarga santosa banget.


Bareng wis rampung anggone ngandika marang wong akeh, Gusti Yesus banjur lumebet ing kutha Kapernaum.


Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohe, dipagas lan kang metu wohe, diresiki, supaya mundhaka akeh wohe.


Aku sumurup, yen saungkurku bakal ana asu ajag kang galak kang padha nekani kowe lan kang ora ngeman marang pepanthan mau.


Wonten ing papan-papan pangibadah kawula asring nganiaya tiyang-tiyang wau, saha sami kawula peksa, supados sami nyelaki kapitadosanipun, punapadene margi saking sanget muntabing manah kawula, tiyang-tiyang wau sami kawula oyak-oyak, malah ngantos dumugi ing nagari-nagari manca.”


Iya iku sababe, mulane marga saka ora bisa betah maneh, aku nuli padha kongkonan dheweke, supaya aku padha sumurup bab pracayamu, jalaran aku kuwatir, manawa kowe wis padha cinoba dening si panggodha sarta manawa pambudi-dayaku kabeh banjur dadi tanpa guna.


Sabab manawa wong-wong mau marga saka anggone wis wanuh marang Gusti sarta Juruwilujeng kita Gusti Yesus Kristus, wis padha ngoncati ing jejembere donya, mangka banjur kasrimped maneh ing kono, iku wekasane alane ngluwihi sadurunge.


Asale Anti-Kristus iku pancen saka ing antara kita, nanging sanyatane padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadia panunggalan kita, mesthi padha tetep nunggal karo kita. Nanging kelakone iku supaya tetelaa yen dheweke ora kabeh nyata dadi panunggalan kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan